( PETUALANGAN INDIGO )
( demit kamar mandi 4 )
Quote:
"Pancen ngono kok..! Aku dewe yo maklum menowo akeh seng ra percoyo hal hal ghoib! Jenenge we yo ghoib dadi ora iso di delok nganggo mata lumrah. Lha nek anakmu kae seko pandugaku iso weruh. Kui gawan bayi..! Dadi yo percuma nek mbok rukyahke. Kui seng iso nambani yo ming Gusti Allah. Ming biasane bocah nek wes iso bergaul opo bersosialisasi karo kancane yo umur 10 taunan njuk ilang dewe. Biasane lho kui puut !" Omongku
Quote:
" Woo.. dadi menungso ki yo ono to seng duwe kemampuan weruh hantu ?" Takone Putri.
Quote:
"Halaah.. ojo meneh kok ming weruh ghoib , menungso ki ono lho seng iso omong karo kewan. Contone Nabi Sulaiman !" Omongku
Quote:
"nek kae lak wes genah nabi kuung !" Jare si Putri..
Quote:
"weh... ojo salah we put. Seng nyebut deknen nabi ki wong liyo lho. Sulaiman dewe ratau menyebut dirinya nabi .!" Omongku..
Ora let sue si P ro enjel teko karo nggowo jajanan akeh. Njuk si P melu jagongan.
Quote:
" Nek ngilangi iso ora kowe kuung ? " Takone anton.
" wah nek kui aku kudu moro neng omahmu...!" Omongku.
" waaa... mbok aku njaluk tulung nek njenengan iso !" Omonge anton sajak bungah.
" ning ono sarate lho ton ..!"
" Iki mesti ber bau ragat. Walaah... gampang nek perkoro kui..!" Omonge Anton..
"piye pe..? Gelem ra ngancani aku !" Takonku karo si P seng ketmau gojeg karo Enjel.
" wokee..! Siaap..! Kapan budal ?" Takone si p
" saiki sisan wae ...! karo opo keperluane blonjo sisan !" jare anton.
" Tuku sate wae nggo makan malam neng omahmu !" omongku mergo ngeleh.
"Bereess ojo kuatir..!"
Singkat crito aku nginep neng omahe putri dikancani si P.
Bubar madang do klekaran neng kamar mburi. Kiro kiro jam sepuluhan aku wes kroso ono mahluk ghoib neng sekitarku..
Quote:
" pee...! Demite wes metu pe..! " Omongku bisik bisik karo si P
"endi..?"
"Kowe pingin weruh po ? "
"Giyaaah..! .."
" sik pe tak dingkike kamar mandi mburi kui..!" Aku tros metu kamar alon alon ndak demite kaget..
Tenan wae lur, demit wedok seng rupane koyo penyanyi. Glibat glibet neng ruang mburi. Aku njuk mlaku alon alon tak cedakibetok etok ora weruh. Ning sajake demite curiga yen aku iso weruh. Ketoro menghindar alon alon . Bareng cedak tak getak
Quote:
"Bhaaa...! CANDAAK RA KOWE...!"
Demite iso kaget nganti njondil tros krekel krekel arep mlayu, tak saut wae sandangane.
Quote:
"Wes.. anteng..! Nek kowe mekso iso suwek iki. Opo klakon ono demit wudo mblejit"
"Ampuun mass...! Ampuun ! " Bengoke demit wedok.
"ono demit kok wedi diwudani, sopo kowe, ayo ngaku Sopo jenengmuu..?"
"Eryna mas... namaku Eryna..! " Wangsulane demite...
Bareng wes keciandak demit wedok tros tak lungguhke kursi..
Quote:
"Piye..? Wes kecekel durung ? " Takone si P karo ingak inguk seko njero kamar..
" uwes iki...! " Omongku
" endii..? Raono apa apane..! Diapusi tok..! "Wangsulane si P karo metu nyedaki aku.
" lha kowe pingin weruh po piye ?" Takonku..
" ora ..! Ora..! Aku percoyo wae lah..! Lanang po wedok ? " Takone si P "
"Yo..wedok lah...! Lanangan nggo ngopo..
" ayu ra ?"
"Jiaan jos.. pool.. Meh mirip artis penyanyi je pee..! Nek ming via valen we lewat..!" Omongku
"preeeeet...!" Omonge si p
" weeh ra percoyo..! Wes si Anton ro putri gek di gugah kon mrene..! " Omongku..
Bareng wes nglumpuk, tak kenalke karo Anton lan Putri.
Quote:
" perkenalkan mbak mbak tak kasat mata iki namanya Eryna..!"
" Hallo eryna..! " Omonge si P..
" kuuung.. kowe nggugah aku bengi bengi ming arep mbok kenalke karo kusi..? Mbok ra edan kowe kuung..!" Jare Putri ro ongap angop aras arasen.
opo meneh si Anton ming ketap ketip bola bali ngucek ucek mripate tanpa eksprasi.
Quote:
" jare kon nyekel demite. Lhaa..iki wes tak cekel. Saiki lungguh neng kursi iki lho..!" Omongku meyakinkan..
" kung..! Mbok ra ngarang..! Genah ming kursi ngono kok. Endi buktine nek ono seng lungguh neng kono ?" Takone si Putri.
Anton yo melu mantuk mantuk sajak maido..
Quote:
" percumah saja mas..! mereka nggak bakal tau !" Eryna melu omong.
"haduh njuk piye iki. kowe nggeser kursi kui iso ora Er..? " takonku..
Eryna njuk menyat berusaha ngobahke kursi ning blas ra obah. Hedeeh njuk piye iki carane ben do yakin nek ono badan Alus neng ngarepe. Opo yo kudu aku ngetokke Antonku njuk Eryna tak kon wudho ben do weruh nek iso ngetril hedeeh. Ning nek ngono kui terlalu fulgar yo lur. haduh njuk piye iki..aku jadi bingung..
Tros aku kelingan pas Eryna tak pipisi kae deknen mencolot mlebu bak, banyune iso muncrat...Dyaarr..Candak ra we..!
Quote:
"Put...! duwe baskom opo ora ?" Takonku.." ono..!"
"Yess..! "
Singkat crito waskom tak isi banyu tros tak deleh nduwur mejo nengarepe Eryna..
Quote:
" cobo saiki gatekno banyu neng baskom kui. Nek iso obah berarti ancen ono lelembut neng kursi kui. Neng nek anteng berarti aku ngapusi ..! Piye..!" Wong loro do mantuk aras arasen..
Tenan wae lur, karo si Eryna banyu baskom diobok nganti muncrat kopyak. Malah bekas tangane Eryna seng teles di templek templeke mejo dadi ngecap gambar tapak tapak tangan..
giegerr...! sak naliko. si Anton nganti baikl . Semono ugo putri nganti kamitenggengen ngoplok weruh tapak tapak tangan mlaku neng mejo..
Quote:
" wes piye ? Per coyo to saiki..!" Wong loro gage le mantuk karo ngoplok..
" di sapa dong..!" Omongku .."
" hhhhhaii..mmmbak...! Erina..!" Omonge putri karo ngangkat tangane seng isih ndredek..
" wes rasah wedi..biasa wae..!' si p melu omong wjwjk nggaya..! mau yo wedi we..
Bersambung......................