PETUALANGAN INDIGO
( demit kamar mandi 3 )
Metu seko kamar mandi ora sengojo mesam mesem dewe. Lha piye ono demit kok nginjenan, sobobe neng kamar mandi gek wedok meneh demite. Padahal jarang lho wong wedok nginjen ki...! .yo po ra lur..! ..manis lho lur, sak prepetan rupane koyo penyanyi kae lho..lur ..! Alah.... nganti lali jenenge..seng nyanyi
" cinta ini .🎶.! Kadang kadang tak ada logikaa..🎵🎵.".!
Quote:
" Ngopoe kok ngguya ngguyu dewe..?" Takone si Putri..
" bar weruh demit je put.. !" Omongku .
" Eee... malah do di guyu. Malah ono seng nyelatu.
"Demite rhiwuk rhiwuk ora kuung..! "Â Gandeng aku wong jujur tak jawab
" oraa.... ki...i mut banget..! " malah do ngguyu meneh .
Ming si Enjel anake putri seng isih ingak inguk kamar mandi.
Basan soyo bengi tamu tamu do pamit mulih. Bojone si Putri seng kawet mau ndelik neng kamar lagi metu melu nguntapke ...wkwkkk.
Quote:
" Bojomu ket mau mbok cencang neng kamar po put..?  kok lagi njedul ! Haniat ngelih put...! Ra mbok kei pakan ! Wkwkk..."
" Wes tak sisihke neng njero kamar yoo...! " Jare si putrii .
Quote:
" mboten mas...! Mengkeh ndak mboten bebas nek onten kulo !" Wangsulane bojone.
" berarti bojomu isinan puut !...wkwkkk kenal ke mas ...! kulo koncone putri ..!" Omongku karongejak salaman.
"Nami kulo Anton ..!" Jare bojone Putri. loh loh.....!!!!...kok podo...! Batinku ..
Aku njuk melu pamit ..
Quote:
" put aku pamit yo..! Ming pesenkukamar mandi mburi kae rasah nggo adus ndisik, terutama bojomu....! wkwkkk.. ndak antone si anton njengat wjwjwkk..!.. ono demite wedok !
" Si Putri ming menjeb "
" da ..! Enjel om pulang dulu ya ndak usah takut sama hantu..!" Omongku karo anake putri...
"sahh...meden medeni we kooong..! " Omonge Putri sewot
(Let telung ndino)
Sore jam limonan lagi enak enak ngopi karo si P ndobos ngalor ngidul sinambi cres.... bul bull.... kedayohan Putri diterke bojone, si ANTON..wkwkk
Quote:
" Weh puut...! Wingi bar ketemu kok , moro ndhene ki kangen ro aku po ?" Omongku karo nyalami putri..
"wooh GR we..! " Jare putri.
si Anton bojone putri ming mesem , njuk ngejak salaman , si Enjel yo melu di gendong bspake.
Quote:
" pee...! Tulung tukokno panganan nggo cah cilik, ciki ciki po opo..kono..! " Akonku karo si P.
" Duwite??" Takone si P
" Halaahh... nganggo nggonmu sek ..! Sok tak ijoli..!" Omongku.,
si P tros menyat golek cemilan.
" itu enjel..! ikut om pee... sana.! Cari makanan !" Omongku basa basi..hh..eeee..ternyata si enjel gelem mudun njuk nggandeng si P. Kabeh malah do plenggongan termasuk aku.
Quote:
" weh deek ..! Mau ke mana ? " Takone mboke gumun ra biasane si enjel gelem dijak wong asing..
" ra popo ...aman kok puut..!" Omongku..hhh...anak yang aneh..????
Tros do jagongan neng teras ngarep
Quote:
" Ada apa gerangan Puut ? Ono perlu opo ming dolan wae..??" Takonku mbukak rembug.
" Ngene mas..! Aku rasah boso wae yo..! Mergo ora iso boso je..!" Omonge si Anton..
" iyo mas.. ra popo malah ben ketok akrab..!" Wangsulanku..
" Ngene mas tekaku mrene iki sepisan silaturohmi, seng peng pindo aku arep takon babagan anaku si enjel kae. Sakplok pindah omah kelakuane ki rubah dadi jirih sering nangis ngembret nggembret nganti awake panas. Jare sering weruh mbak mbak sliweran neng mburi omah. Parahe meneh mas kadang sambat nek di cakari mbak mbak seng ra ketok kui. Lha lbune yo dadi katot wedi. Ngono mas ..! Sowanku mrene iki arep takon mbok menowo nduwe kenalan wong pinter seng iso nutup moto batine anaku ben ora iso weruh hal hal ghoib ngono kui mas. Iki aku njaluk tulung tenan. Sokor banget yen kowe iso mas..!" Omonge si Anton..
Quote:
"Haduuhh... ngapunten nggih mas..! Mbok sampean cobo moro teng nggen pak kyai seng pun genah mumpuni babagkan per ghoiban ben si enjel di rukyah..!" Omongku..
"Wah mas..! Wes bola bali tak coba neng ora ono hasile..!" Jare anton ..
" mbok kowe wae kuuung..! Aku njaluk tulung nek kowe iso ngilangi..!" Si putri melu omong..
" whaaa... ngawor kowe puut..! Aku ra iso ...yoo! Nek iso niyat aku wes ngrukiyah diriku sendiri ben ndang rabi..wkwkk..
" kowe ki lho... angger diajak rembuggan serius ket mbiyen ra tau iso..!" Jare si Putri..hhh
Quote:
" Lha njenengan wingi pas pamit niko kok ngendiko nek omahku ono penunggune..?" Takone anton.
" woo.. nek kui pancen iyo...! aku wes meruhe dewe..! Lha nek tak blakani kowe yo mesti ra percoyo malah iso nginekke aku gemblung mengko.!" Omongku
" Pancen awale aku ora percoyo bab bab ngono kui. Ning gandeng saiki menimpa anaku dewe, aku lagi percoyo..!"
Bersambung..................