Kaskus

Hobby

blagenthakAvatar border
TS
blagenthak
(JAWA) Tembung Wilangan | Kata Bilangan
 (JAWA) Tembung Wilangan | Kata Bilangan


Tembung Wilanganyaiku tembung kang mratelakake utawa nerangake gunggung/cacah/undha usuk (tingkatan). Tembung wilangan digunakake kanggo ngetung cacahe wong, kewan, barang, lan liya-liyane. Tuladhane : Siji, sanga, seprapat, kapisan, akeh, sithik, lsp.

PERANGANE TEMBUNG WILANGAN
1. Tembung Wilangan Babon
a. Wilangan Kumpulan yaiku tembung wilangan kang ngandhakake kumpulan wilangan. Tuladhane : limalas, telulikur, selawe, telungewu, lusin, kodhi, lsp.
b. Wilangan Sadhengah yaiku tembung kang ngandhakake wilangan sing durung genah cacah utawa gunggunge. Tuladhane : akeh, sethithik, saabreg, kathah, sacuwil, lsp.

2. Tembung Wilangan Susun Tembung Wilangan Susun yaiku tembung wilangan kang ngandharake undha usuk utawa urutan. Tuladhane : Kapisan, kapindho, kaping telu, kaping papat, kaping pitu, lsp.

3. Tembung Wilangan Pecahan Tembung Wilangan Pecahan yaiku tembung wilangan kang gunggunge (jumlah) ora nganti siji. Tuladhane : Seprapat, setengah, telungprapat, saprotelon, rongprotelon, lsp



Spoiler for Video:

Diubah oleh blagenthak 05-03-2021 22:32
0
8.4K
0
GuestAvatar border
Komentar yang asik ya
GuestAvatar border
Komentar yang asik ya
Komunitas Pilihan