Kaskus

Hobby

ciptorosoAvatar border
TS
ciptoroso
Wedang Asem
Kiro-kiro jam 9nan nembe sepi wong jajan, kamongko biasane ki yo do NGOPI SARING karo crito ngalor ngidul ra karuan kae... mBuh... kok yo onoooo ae sing dicritakke.
Chen angkringan ki tempat syahdu nek ngGo theng... theng... crit.. (Thenguk-thenguk, Crito..)😀😀
“Timbang nglangut, nyeklekke kompor aaah.., ngGoreng-ngGoreng bakwan ngKo rak yo payu...” (pikirku...).

Ora let suwe ono motor parkir. “Alhamdulillah... sa’ sepi-sepine wong dagang tetep sih ono wong jajan...” batinku.
bareng helm karo maskere dibuka.... kuagetku setengah urip, jantungku dag dig dug... lha kepiye Dab,... wong ki mau peraenane jian jebles karo mantanku biyen...😓😓😓
Wektu kuwi aku ditinggal rabi karo lanangan liyo.. Haaafuuu to kwi...?!
Sing marakke tambah loru, lanangane luwih bagus, tur wis cekel gawe... rak yo biyanganya to kwi...?
Nek kelingan jian... memangkelkan pokokmen...😠😠😠
Bareng soyo nyedhak... detak jantungku soyo banter ora iso tak rem, jedhug...jedhug... jedhug... hadheh....😌😌😌

“Monggo mBak... anu e..e..e.. beb..beb...badhe ngersakke nopo...?”tak kendel-kendelke takon nadyan rodo salah tinggah.
“nyuwun KUNIR ASEM ngGih mas... sejatose kalih badhe wonten perlu sekedik j niki...” wangsulane.
“ooo... ngGih... anu... eee... anu...pinarak lenggah riyin, kula damelke anu... unjuk’an.”aku nyumanggakke...

(gek arep perlu ngopo yo...? Ojo-ojo geger karo bojone...? Opo malah wis pegatan...nJur nJaluk dirabi..? Nek nganti ngajak rabi, piye leh ku nolak jal.... ? Kamongko aku ki wonge ra isonan..)🤔🤔🤔 pikiranku ngrambyang ra karuan..

Karo ngGawekke wedang sithik-sithik tak lirak-lirik, tak gatekke seko irunge, mripate, lambene, perawak’ane jian.. ra ono gesehe blas karo sang mantan...😔😔
duh Gusti....paringono kuat...

“Mas... mambu nopo niki ngGih... kadose kok onten sing gosong...?!”takone mBak’e.
“Blaik... bakwanku....!”kontan aku nyawang wajan sing kemelus, nJur kompor tak pateni. bakwane dadi masakan afrika...hadheh...😥😥😥 jilaknan og...
“Trus pripun niku mas...?”omonge mBak’e rodo kuwatir.
“pun kersane mBak, mBoten nopo-nopo...kompore pun kula pateni og.”wangsulanku.
“monggo mBak KUNIR ASEME...” wedang tak suguhke . nJur aku lungguh neng ngarepe.
“ngGih mas... matur nuwun.” Wangsulane karo mesem.
(Modiarora... eseme Daaab,.... hora nguwati... jian... ngelingke jaman kae... hadheh... meh wae jantungku copot).
“nJenengan daleme pundi mBak...? Asmane sinten..? Gek jare onten perlu niku gek ajeng perlu nopo..? takonku ngGenahke.
“kula saking Sewon mas, kula rencange mBak Yati....” wangsulane.
“Yati...? Yati...?Sewon...? ingkang pundi ngGih...?”🤔🤔🤔 aku ngomong alon karo ngeling-eling.
“Halah niko lho mas, piyayine lencir dhuwur, ireng manis, rambute dowo..”omonge mBak’e nyoba ngelingke aku.
“oooo... sing riyin nate dibeto ten Pakem kalih wong tuane mergo dikiro edan...?” takonku mesthekke.
“ngGih mas, leres...”wangsulane.
“Ooo... Pripun sa'niki kabare mBak Yati...?”takonku.
“Sa’niki pun duwe bojo mas, putrane 1.”jare mBak’e.
“Ooo... ngGih Syukur Alhamdulilah.... nDherek bungah.”omongku. “nJenengan kepernah nopo kalih mBak Yati...?”
“Kula tonggo ngGih konco.” Wangsulane “asal kula mriki badhe nyuwun tulung kalih nJenengan, perkawis bojo kula..”
“Lha.. rak tenan to...?” batinku soyo deg-degkan.
“sajak’e kok onten perkawis sing sirius...?Nganti direwangi keroyo-royo dugi mriki. Ning apik’e nJenengan ora usah boso mBak, kula ki malah kikuk j... angil...” penjalukku.
“Ning pripun ngGih...? mBoten kepenak, mangke nDak dikiro mBoten sopan.” Wangsulane.
“ora popo mBak, santai wae.. malah ketok luwih akrab.” Omongku.
“ooo.. ngoten ngGih...?” wangsulane mBak’e.

Durung sido neruske tembunge, Dumadak’an tercium aura negatif.... pret.. thet...thet.. thet.... trethet...trethet... theeeeeet...
Ora pangling, kuwi suoro Jet ngolete Mogol...

“Sido katt uncal to Ye...?!”rodo banter suarane Mogol karo medun seko motor, mlangkah marani aku.
“Eh... ada mBak’e... “ Mogol ngluruhi karo ngulungke tangan ngajak salaman.
“ngGih mas...” mBak’e mBales ngulungke tangan.
Jilak og Mogol i... salamane malah disuwek-suwekke...😡😡
“Salaman opo perlune wae... !”omongku rodo sengit.
“Halah... iriiiiii... cemburuuuu...”wangsulane Mogol.
“Sisan sing ngadeg, aku tukokke Rokok Pro Mild...! Karo rokokmu sisan..!”omongku karo ngulungi duit.
“Halah... nek ono cewek ngGaya... mBagusi... biasane nglinting Wae og...”jare Mogol ngece.
“gari mangkat ae kok Crigis... gek konoh...”!omongku. nJur Mogol menyat...

“Yess...Berhasil... berhasil....” batinku...
“Tekan ngendi mau mBak...? Perkoro bojomu...?... trus...?”

Bersambung...
bonita71Avatar border
bonita71 memberi reputasi
1
698
1
Thread Digembok
Urutan
Terbaru
Terlama
Thread Digembok
Komunitas Pilihan