

TS
Indriaandrian
Kenalan Karo Wong Ngapak Prakerta

Ngapurane ya lur, nembe tumon jebule ana grup Banyumasan. Janen ya rung patiya mudeng goli ngepost aturane kepriwe. Muga-muga nyong ora salah ngepost nengkene.
Rasane koh sebagai wong Banyumas masa ora tau mlebu region Mbanyumas. Forum liane tau tek leboni apamaning Banyumas, kudu dan harus ana trit e mbok?
Pertama perkenalan sebagai wong Purwokerto. Inyong arep crita sithik tentang Purwokerto.
Purwokerto termasuk salah sijine kota neng Kabupaten Banyumas, Jawa Tengah. Ndilalah ibukota Kabupaten Banyumas juga neng Purwokerto, mbiyen pancen neng Banyumas tapi jaman Adipati Martadireja II (1832-1882) Ibukota Banyumas dipindah sekang Banyumas maring Purwokerto.

Purwokerto angger wong mbiyen goli nyebut Purwakerta utawa Prakerta.
Purwa artine wiwitan angger kerta artine kemakmuran, dadi jeneng Purwakerta ana maksude sebagai kota sing dadi wiwitan kemakmuran.
Asal mula sejene jeneng Purwokerto sekang kombinasi sekang jeneng kerajaan nang pinggir Kali Serayu, yaiku Kerajaan Purwacarita karo Ibukota Pasir Luhur yaiku Kertawibawa.
Basane utawane cara ngucape wong Banyumas seringe disebut basa ngapak, sebabe basa banyumasan esih kepengaruh karo basa jawa kuno utawa basa kawi.
Basa jawa kuno angger tulisane 'a' diucapna juga 'a', angger basa negarigung utawa basa kraton huruf 'a' diucapna 'o' sebangsa wong Jogja utawa Solo.
Selain sekang pengucapan 'a', kata-kata sing mburine huruf mati diwaca penuh misal 'bebek' , angger wong daerah liyane goli nyebut bebe', angger wong banyumas goli nyebut bebek, huruf 'k' sing neng mburi kesebut jelas/ medok. Mulane basane wong Banyumas disebut juga basa ngapak, utawa ngapak-ngapak.
Senajyan sering diomong basa ndesa tapi angger wong asli ngapak ora bakal isin nganggo basa ngapak.
Sing pada merantau neng luar kota angger ketemu kanca sedesa mesti langsung ngapake metu, ora urus wong sing krungu pada ngguyu. Rasane ngobrol karo basa ngapak kue jian marem pisan.
Mbuh nangendi manggone, senajyan butul luar negri utawa senduwur apa jabatane sing arane warga ngapak mesti ora bakal ngilangna logate.
Angger sambatane kita ora ngapak, ora kepenak.
Mulane lur mayuh dilabuih ngapak maning mumpung ana nggone wong Mbanyumas nengkene.
Wis semene baen perkenalane, maturnuwun kabehane.


Referensi :wikipedia


Cahayahalimah memberi reputasi
1
1.8K
7


Komentar yang asik ya
Urutan
Terbaru
Terlama


Komentar yang asik ya
Komunitas Pilihan