KAWEDALAKEN DENING :
SESEPUH PEMBINA PUSAT PIRUKUNAN P.A.M.U
KANGGIT DENE INGKANG ANIDHIKARA ING PUJA SAMEDI : R.M. Djojopoernomo
1 feburari 1984
hal 29-30
Spoiler for salat sejati:
SALAT SEJATI
Sang adil nerangake anane sembahyang kang ora nganggo sujud rukuk , ora nganggo banyu wulu , banyu wulune mung kanthi sucining ati, sujud rukuke mung titi pranataning pambudi, nanging ya tetep limang wektu;
1. wektune pangrasa
2. wektune pangucap
3. wektune pangambu
4. wektune pangrungu
5. wektune paningal
Yaiku anane wektu lelima kanggo nyatakae gelare alam donya. Mulane ana abang-putih dipasang ing dhadha, tegese dhadha; kudu wani ngandhemi, yaiku anane rapal; Kayun bidharaeni, banyu loro urip dadi sawiji, yaiku asal saka bapa lan bibi.
Anane sembahyang nganggo rapal Usoli, tegese kudu ngaweruhi asale dumadi
-Mulane ana salat Lohor patang rekaat ngawruhi asale badan patang prakara , geni , angin , banyu , lan , bumi.
-Mulane ana salat Asar patang rakaat , ngaweruhi asale nyawa , iku patang prakara ; wujud , ngelmu , nur , suhud.
-Mulane ana salat Mahrib ana telung rakaat ngaweruhi asale martabat telung prakara ; Akadiyat, Wahdat, Wohkijat.
-Mulane salat Ngisak patang rakaat ngaweruhi asale bapa lan bibi patang prakara ; wadi , madi , mani , maningkem.
-Mulane ana salat subuh rong rakaat ngawruhi anane asal lan usul rong prakara, nyatane ana Dat lawan sipat. Dat iku Date Gusti, Sipat iku sipating kawula.
Mulane sanajan nglakoni salat limang wektu namun iku ora den kawruhi sejatine isih kapiran.
Quote:
Ngadeg asal geni , rukuk asal angin , sujud asal banyu , lungguh asal bumi. geni lungguhe ana cahaya, Angin lungguhe ana napas, Banyu lungguhe ana Roh, Bumi lungguhe ana jasat.
Lan kang den arani salat kang sempurna iku tan liya mung kadadeyan manungsa iku kabeh , mulane lakune aja ana gawe saserik cidra, siya marang sak padha padha yen isih mangkono batal sejatine.
seperti yang sudah di katakan di awal trit, yang terpenting disini TS tidak bermaksud untuk sara dan berdebat .
disini TS hanya ingin membagi informasi.
Tolong berikan masukan untuk TS para sepuh semua
Spoiler for Penting:
Maaf jika bahasa jawa , jika da yang bisa mentranslatekan ke bahasa Indonesia , TS sangat berterimakasih sekali.
TS mengerti bacaan ini , tapi TS tidak bisa bahasa asli indonesianya. MAAF