- Beranda
- Komunitas
- Hobby
- Supranatural
[SHARE] KIDUNG TOLAK BALA

TS
nethaa
[SHARE] KIDUNG TOLAK BALA

Assalamualaikum wr wb
Salam Sejahtera
Salam Rahayu
Salam Sejahtera
Salam Rahayu
Permisi mbah mimin,momod,sesepuh,dan rekan forsup semuanya.
Saya membuat thread ini dengan tujuan untuk saling berbagi pengetahuan mengenai kidung atau tembang yang bisa digunakan untuk tolak bala.Saya perlu meminta maaf kepada teman-teman yang tidak paham bahasa Jawa apalagi bahasa sastranya.
Karena kidung adalah salah satu warisan leluhur yang masih lestari sampai saat ini,mari kita bersama-sama berbagi mengenai kidung yang bisa kita gunakan untuk tolak bala,baik yang berasal dari manusia ataupun dari serangan2 yang bersifat ghaib.
Kali ini yang akan saya bagi adalah Kidung Sawab Nabi / Kidung Rumekso Ing Wengi yang merupakan warisan dari kanjeng sunan Kalijogo.Kidung ini biasa juga disebut kidung mantrawedha sarira hayu.Kidung ini yang merupakan macapat dhandhanggula.

Ana kidung rumekso ing wengi
Teguh hayu luputa ing lara
Luputo bilahi kabeh
Jin setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunane wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan wani caketing mami
Duduk teluh pan sirna
Sakehing lara pan samya bali
Sakeh ngama pan sami miruda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tiba neng wesi
Sakehing wisa tawa
Sato galak tutut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning wong neng lemah miring
Myang pakiponing merak
Pagupakaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Lan sagung para Rasul
Pinayungan ing Hyang Suksma
Ati Adam utekku Bagindha Esis
Pangucapku ya Musa
Napasku Nabi Ngisa linuwih
Nabi Yakub pamiyarsaningwang
Dawud swaraku mangke
Nabi Brahim nyawaku
Nabi Sleman kasekten mami
Nabi Yusup rupengwang
Edris ing rambutku
Bagindha Ngali kulitingwang
Abubakar getih daging Ngumar singgih
Balung Bagindha Ngusman
Sungsumingsun Patimah linuwih
Siti Aminah bayuning angga
Ayup ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantung
Nabi Yunus ing otot mami
Netraku ya Muhammad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam Kawa
Sampu pepak sakathahe para Nabi
Dadya sarira tunggal
----------
selain lirik kidung yang diatas ada juga versi lain kidung rumekso ing wengi.yang ini biasa digunakan orangtua jaman dulu untuk tolak bala buat anak2 nya hanya saja dhandhanggulo dilebur dengan kinanthi.
Ana kidung rumekso ing wengi
Teguh hayu luputa ing lara
Luputo bilahi kabeh
Jin setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunane wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan wani caketing mami
Duduk teluh pan sirna
Yen Anangis Lare iku
Lelo Lelanen Anuli
Supoyo doh ing Leloro
Sarap sawane pan bali
Cacing racak podho mandhak
Krumo kremi podho mati
Sopo mangklong2 iku
Aneng wetan tengah kori
Opo si maling aguna
kinongkon si maling sekti
Amburu si sarap sawan
Larungen marang jaladri
Sopo mangklong2 iku
Aneng kulon tengah kori
Opo si maling aguna
kinongkon si maling sekti
Amburu si asu ajak
Tandesna marang Jaladri
Si jabang bayi puniku
Kekasih iro hyang widi
Lailahaillallah muhammadarrasulullah
sekian share dari saya kali ini...bila ada sesepuh yang mau menambahkan kidung tolak bala lainnya...monggo di share disini...
maaf kalo ada salah kata...saya tidak menolak apabila dikasih

wassalam
Diubah oleh nethaa 15-04-2013 13:03
0
43.1K
185
Thread Digembok
Urutan
Terbaru
Terlama
Thread Digembok
Komunitas Pilihan