TS
elkhubbi
Nguri-uri Budaya Jawi, Kumpulan Puisi Jawa
Jaman Edhan
Karya: El_khubbi
Iki jaman jarene wis jaman edhan
Akeh manungsa wis pada kelangan aran
Kumpul bareng lanang wadhon tanpa sungkan
Mring petengan ora wedi karo syetan
Ana cerita wadhon ayu kadung dandhan
Nganggo gincu alise nanggal sepisan
Paling demen nganggo klambi kurang bahan
Ngumbar pupu mbukak dada mring dalanan
Pancen bener dasare dhadhi wong lanang
Tambah bungah yenta nyawang wadhon loman
Apa maneh yenta nyawang tanpa dasar iman
Bisa katut bujuk rayu nafsu syetan
Iki jaman jarene wus jaman akhir
Akeh balak akeh coba pada mampir
Mula kanca kabeh ayo pada mikir
Sing waspada nambah dhunga nambah dzikir
Apa maneh tahun iki ana pandemi
Aran Covid-19 sing tambah ndhadhi
Enom tuwa sugih miskin pada terinfeksi
Pasiene rumah sakit sansaya antri
Mula kabeh sing ijeh sehat yo ngerteni
Jaga sehat awak dewe kang wigati
Ngombe jamu ngombe obat aja lali
Nganggo masker yenta metu aja keri
Iki jaman jare wis cedak kiamat
Mulai akeh uwong edhan ngaku sehat
Ra peduli marang liyan sing jih mlarat
Penting awak dewe mulya kabeh sikat
Hukum halal haram jare mung cerita
Tuntunan agama jare neko-neko
Tumindak sembrana tanpa wedhi dhosa
Diilingna marang liyan malah murka
Ayo kanca para sedulurku kabeh
Numindakna laku jujur tanpa Waleh
Ilingana yenta urip bakal seleh
Ngadep gusti kang akarya alam kabeh
Akeh manungsa wis pada kelangan aran
Kumpul bareng lanang wadhon tanpa sungkan
Mring petengan ora wedi karo syetan
Ana cerita wadhon ayu kadung dandhan
Nganggo gincu alise nanggal sepisan
Paling demen nganggo klambi kurang bahan
Ngumbar pupu mbukak dada mring dalanan
Pancen bener dasare dhadhi wong lanang
Tambah bungah yenta nyawang wadhon loman
Apa maneh yenta nyawang tanpa dasar iman
Bisa katut bujuk rayu nafsu syetan
Iki jaman jarene wus jaman akhir
Akeh balak akeh coba pada mampir
Mula kanca kabeh ayo pada mikir
Sing waspada nambah dhunga nambah dzikir
Apa maneh tahun iki ana pandemi
Aran Covid-19 sing tambah ndhadhi
Enom tuwa sugih miskin pada terinfeksi
Pasiene rumah sakit sansaya antri
Mula kabeh sing ijeh sehat yo ngerteni
Jaga sehat awak dewe kang wigati
Ngombe jamu ngombe obat aja lali
Nganggo masker yenta metu aja keri
Iki jaman jare wis cedak kiamat
Mulai akeh uwong edhan ngaku sehat
Ra peduli marang liyan sing jih mlarat
Penting awak dewe mulya kabeh sikat
Hukum halal haram jare mung cerita
Tuntunan agama jare neko-neko
Tumindak sembrana tanpa wedhi dhosa
Diilingna marang liyan malah murka
Ayo kanca para sedulurku kabeh
Numindakna laku jujur tanpa Waleh
Ilingana yenta urip bakal seleh
Ngadep gusti kang akarya alam kabeh
Wai asih, 16 Juli 2020
Diubah oleh elkhubbi 17-07-2020 09:40
S.e.m.e.d.i dan 6 lainnya memberi reputasi
7
1.9K
21
Komentar yang asik ya
Urutan
Terbaru
Terlama
Komentar yang asik ya
Komunitas Pilihan