dalledalmintoAvatar border
TS
dalledalminto
Kumpulan Geguritan: PARANGTRITIS

parangtritis




(ilustrasi dok.pri)

PARANGTRITIS
.
Dening: Dalle Dalminto
.
Papan wisata segara kidul
Sakpinggiring kutha Bantul
Akeh toris
Parangtritis
.
Pesisir
Jumlegure ombak
Banyu segara ngolak-olak
Marakake tentrem ing pikir
.
Peyek undhur-undhur pancen misuwur
Bisa kanggo aweh-aweh
Mring sedulur
Oleh-oleh
.
Hayo!
Warga Bantul
Makarya bangun desa
Supaya wisatane kondhang kaloka
.
Pandak, 4 Juli 2019



PITULIKUR MEI
.
Pitulikur Mei wanci esuk
Bebarengan swara jago kluruk
Tembok omah sami ambruk
Lemah-lemah padha bengkah rengkah

Bandha donya kaya-kaya tan piguna
Nyawa ilang tan dinyana
Tangis sedhih, udan getih
Kutha Bantul dadi pating blangkrih
.
Lindhu gedhe nggawe ontran-ontran
Kabeh warga padha jumpalitan
Metani papan panggonan sing aman
Supaya slamet, uwal saka bebayan
.
Prastawa ing akhir sasi Mei
Tekan besuk kapan tan bisa dilali
Amerga wis cinathet ing sakjerone ati
Dadi cerita kanggo anak putu tembe buri
.
Pandak, 3 Juli 2019
.


.
TETEBAH BUMI
.
Bumi iki saiki wis cengkah
Lemah-lemah padha bengkah
Banyu segara wutah mbladrah
Angin gedhe nrajangi omah-omah
.
Bencana wis maneka rupa lan warna
Mertandhani yen bumi iki wis tuwa
Enggal kita padha ngoreksi dhiri
Sami nenepi lan mbukak cendhela ati
.
Ayo padha tetebah bumi
Kanthi cara reresik sakjroning ati
Iri, drengki lan srei diilangi
Tansah guyup rukun ing sesami
Marang Gusti maring nyawiji
.
Bongsren, 4 Juli 2019
.


GUMBREGUTE KADHANG BAKUL ING PASAR BANTUL
.
sang bagaskara durung methungul
ngatonake sunar lan praupane--njedhul
uga bun-bun iseh pating grandhul
ing sakpucuking gegodhongan
prakadhang bakul wus padha cancut
miyaki petenge pedhut
gumbregut sengkut, menthengake sikut

hawa adem sing nyocoki kulit ari
kadya lincipe eri
ora bisa gawe gigrig ing ati
sumangat wus kadhung anjenggirat
kanthi ampuhing niyat beburu berkat
sing semebar saidhengi jagad
.
ing pasar Bantul
para kadhang bakul jumangkah sumarah
kanthi nggendongi jujur lan istikomah
supaya jangkah lumrah bisa kaangkah
minulya tandhes sakjeroning manah
ngupiya berkah saking Gusti Allah
.
Pandak, 5 Juli 2019

Diubah oleh dalledalminto 20-07-2020 12:29
sabna.tamara
faridatul.a
alizazet
alizazet dan 39 lainnya memberi reputasi
40
11.4K
87
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Urutan
Terbaru
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Komunitas Pilihan