[Yuk Masuk] Kuliner Yang Wajib Agan Cicipi Kalo Mampir Ke Tegal
TS
darkside212
[Yuk Masuk] Kuliner Yang Wajib Agan Cicipi Kalo Mampir Ke Tegal
Halo Sadulur - Sadulur Kiyeh Enyong Gawe Thread Maning, Monggo Di Deleng Yah,
Tolong Enyong Aja Dibalangi Bata Yah.
Quote:
Goleti Jajanan tiap akhir minggu ora lengkap rasane ari dewekan. Enyong sering muteri Kota mukur nggo goleti Jajajan sing unik gamen beda Selain nggo sarana ngisi waktu luang, Nggoleti Jajanan bisa nggo Sarana kumpul gamen keluarga gamen sahabat.
Tegal, Kota Cilik neng Pantai Utara Laut Jawa , Nduwe Jajajan sing enak trus regane murah. Ari ana Jakwir sing ngajak njajan. Enyong biasane nunjukna tempat - tempat kiye. Apa bae Jajanane? Monggo dicek yah.
Spoiler for Jajan Nomer Siji:
1. Kupat Bongkok
Quote:
Kupat bongkok cuma bisa dituku ari esuk-esuk. Kupat bongkok nggawene sing kupat dicampur gamen bumbu tempe kuning ditambah mie teles sing rasane pedes terus ditambahi remukan krupuk gamen sambel pedes. Tiap Esuk, Sing dodol kupat, Dodol kupate nang emper dalan gamen pasar tradisional. Enyong sering tuku Kupat neng ngarep Toko neng pasar Martoloyo Tegal soale lumayan perek gamen Umahku. Regan Kupat cuman 2500-5000 rupiah. Lumayan murah lah ari dibandingna gamen Jajanan liyane?
FYI, Kupat Bongkok ora ana nang luar Tegal. Dadi ari pan ngrasakana Kupate kudu mampir nang Tegal ya. Trus Kupat Bongkok cuman ana ari Esuk tok Lur.
Spoiler for Jajan Nomer Loro:
2.Glotak
Quote:
Jajanan kiye dudu jajanan mewah, tapi cuman ana nang Tegal tok. Ari pengin jajanan kiye bisa mampir nang pasar tradisional Tegal. Murah, cuman 2000 perak. Glotak nggawene sing dage (Fermentasi Ampas Tahu). Dage dirajang cilik-cilik sampe alus nemen terus dicampur gamen cabe ijo trus dimasak sampe ancur kabeh.
Ben tambah sedep, biasane Glotak disajikna gamen sop balung wedhus atau balung sapi. Rasanya, enak nemen ! Dage emang dudu jajanan mewah, soale nggawene sing ampas tahu. Ndean gemiyene sing nggawe Glotak, manfaatna Ampas tahu ben bisa dipangan maning. Emang sih sederhana. Tapi rasane enak nemen loh, apamaning dicampur gamen bawang goreng. Sedep!
Spoiler for Jajan Nomer Telu:
3.Chetil / Cenil
Quote:
Nang daerah liyane, cethil artine pelit. Tapi nang daerahe enyong, cethil kue nama panganan sing biasa didol nang Pasar Tradisional Tegal. Cethil nggawene sing tepung kanji dadine kenyil - kenyil , rasane manis ari dicampur gamen taburan gula gamen parudan kelapa. Sing gawe enak maning, regane murah nemen, Cuman 1500 perak tok.
Spoiler for Jajanan Nomer Papat:
4. Orog - Orog
Quote:
Orog-orog nggawene sing parudan kelapa trus dinein Gula Jawa. Teksture Orog - orog nggumpal gamen kasar. Soal rasa, orog-orog mirip makanan Khas Jojga Lur, Soale rasane manis nemen. Orog-orog biasane didol gamen pedagang keliling atau pedagang nang pasar tradisional. Regane pada kaya cethil, 1500 perak tok.
Spoiler for Jajan Nomer Lima:
5. Soto Tegal
Quote:
Soto Tegal nduwe rasa sing sejen gamen Soto daerah liyane. Soto Tegal warnane butek nemen soale dicampur tauco. Bahane esih pada gamen daerah liyane contone suiran ayam, rajangan godong bawang, bawang goreng, tauge, gamen kuah bumbu tauco. Ditambah kerupuk atau tempe mendoan. Pasti Sedep! Ari pengen ngrasakna Jajanan kiye bisa ning Alun - alun Kota Tegal, Ana Rumah Makan sing arane Warma Pian sing ngedol Soto kiye. Soto kiye gampang dijumpai nang Rumah Makan Tegal.
Spoiler for Jajan Nomer Enem:
6. Lengko
Quote:
Kiye menu wajib sing biasa enyong pangan dang jamane enyong esih SMK. Lengko nggawene sing campuran tugelan tahu goreng (ora nganggo terigu), ditambah rajangan timun, tauge, kerupuk, ditambah sambal kacang, sambal pedes gamen kecap. Regane lumayan murah sekitar 3000-5000 perak tok. Lengko mirip gamen ketoprak, tapi rasane pasti beda. Minat Lur ?
Spoiler for Jajan Nomer Pitu:
7. Tahu Aci
Quote:
Tahu Aci jajan paling terkenal nang Tegal Lur, Koen bisa weruh Tahu Aci nang ndi bae. Bahane sing potongan tahu ditambah adonan tepung kanji. Enak dipangan ari esih panas. Dipangan gamen cabe rawit yah lur
Nah Cukup Sekian Yah Lur, Kue Jajajan Sing Kotane Enyong. Sebenere Akeh Jajanan Liyane, Tapi Engko Gampang Tak Apdet Ya.