Budhi2010Avatar border
TS
Budhi2010
Banyolan Suroboyoan Reloaded (OJOK NGGUYU!!!!!)
Peringatan


Sing mari moco tapi gak mudheng...dilarang protes
Sing mari moco malih gendheng...tetep dilarang protes
emoticon-Ngakakemoticon-Ngakakemoticon-Ngakakemoticon-Ngakak


Salam gawe Kaisar Victorio


Jaga Toko
Brudin nglamar kerjo nang tokone Bunali.
Bunali : Din..aku kulakan dhisik yo..
Brudin : Booh siap dah boss..
Mari kulakan, Bunali balik nang toko.
Bunali : Ono sing tuku Din ?
Brudin : Iku mau ono sing arep tuku rinso..tak warah gak ono terus mulih.
Bunali : Ooh ancene ..mbok ngomongo lek sabun rinso ndak ada bu tapi sabun so klin wangi ada..ngono lho..
Brudin : ..maap boss..
Bunali : aku ngirim barang dhisik.
Brudin : booh siap dah boss
Mari kirim barang, Bunali balik nang toko.
Bunali : ono sing tuku Din..?
Brudin : iku mau ono cewek ayu arep tuku kertas tisu toilet kamar mandi..muring murung terus ngalih
Bunali : lho laopo ceweke muring muring..?
Brudin : tak warah ngene...mbak kalo kertas tisu toilet kamar mandi kita nggak punya, kalau kertas gosok ada...

Bundhas
Brudin : Lhoooo opoko kok sirahmu bundas kabeh Li..?
Bunali : Iyo Din..sik tas aku numpak bis ugal ugalan ngguling...untunge aku sempet mencolot jendelo..cumak sirahku thok ketatap wesi..liyane akeh sing luka parah..
Brudin : kon sik lumayan iku Li..lha biyen pas aku arep nang honolulu dhadhak pesawatku moro moro kesamber bledhek ceblok nubruk gunung mbledhos kobhong ajjurr matek kabeh!
Bunali : Wah cik sangare ...lho kon kok cik saktine sik urip..yok opo biyen carane lolos?
Brudin : aku ketinggalan pesawat...

Bon Bin
Bunali ngelencer nang bon bin ambek anak bojone.
Pethukan ambek Brudin dhodholan es gronjong.
Bunali : Cak...coca cola telu yo
Brudin : Abbo..aku gak dhodholan coca cola cak. Modalku cekak. Es gronjong ae yo..tak jamminn seggerr wis..
Bunali : Aku ngomong nang bakul sing nang mburimu iku lho..
Brudin nggondhok kisinan..uawass kon yo..!!
Mari munyer munyer nang bonbin, Brudin pethukan maneh ambek Bunali.
Brudin : Ancene nggak nggenah, kacange anake kok diroyok, gak sakno ambek anake dhewe
Bunali :Ojok sembarangan ngomong kon iku yo..tak kiwo kapok kon...iki ngono kacangku dhewe...kacange anakku wis entek ket mau..
Brudin : Aku ngilokno bedhes sing nang mburimu iku lho...

Sekolah
Bunali : Din...peno biyen sekolahe mulai kelas opo?
Brudin : TK
Bunali : terus mari sekolah TK nang endhi ?
Brudin : kon kok cerewet... masio mari sekolah aku dulinan layangan kon kate lapo.!!!
Bunali : jok ngamukan po'o. Maksutku be'e mari TK lanjut sekolah STM opo SMEA.
Brudin : lho iyo mari TK yo aku lanjut SD ...elek elek ngene aku yo melok wajib belajar rek..
Lha awakmu mari sekolah TK terus nang endhi ..?
Bunali : aku ta?
Brudin : ..bibikmu Li.....iyo aku takok awakmu Li..mari sekolah TK terus lapo ?
Bunali : yo layangan pisan ...

Kuping
Bunali : Lho.. Din…opoko kok kupingmu kiwo tengen karo karone diperban kabeh ??.
Brudin : Aku mari nang dokter… kupingku kiwo tengen mlonyoh gosong kabeh…
Bunali : Kupingmu dicokot bedhes tah Din..?
Brudin : ngene ceritone …pas aku enak-enak nyetriko, moro moro hpku muni. Lha aku reflek hpku langsung tak templekno kupingku. Dhadhak mak nyoss!!! Tibake setriko.
Bunali : Iku kuping sing tengen...lha kuping sing kiwo opoko kok mlonyoh pisan..?
Brudin : ...hpku muni maneh...

Matematika
Bu guru : ayo anak-anak, kita latihan soal matematika ya..
murid2 : iya bu guruuuu..
Bu guru : jika Bu guru memberi Kacong 2 permen, kemudian memberi 5 permen lagi, maka jawabannya adalah?
Kacong : terima kasih bu guru.. mmuuuahhhh...
Bu guru : *langsung minum bodrex *
Besoknya....
Bu guru : ayo anak-anak, kita latihan soal matematika lagi ya..
murid2 : iya bu guruuuu..
Bu guru : jika Bu guru memberi Kacong 5 permen, kemudian meminta 2 permen lagi, maka jawabannya adalah?
Kacong : timbilen bu guru.. masak sudah ngasih diminta lagi...
Bu guru : *pasang koyo cap cabe*

Moco buku
Brudin : Mbah..laopo sore sore kok mbrebes mili ? Kelingan sopo mbah?.
Wonokairun : Aku mari moco buku....lha terakhire lho menyedihkan pol...sampek gak kuat kudu nangis aku..
Brudin : Buku opo mbah..?
Wonokairun : buku tabungan...

Lembur

Sablah : Cong pulsaku entek….ageh telponen bapakmu…mosok lembur sampek jam wolu bengi gak moleh-moleh…
Kacong : Baik Bunda…
Sablah : Yok opo Cong ? Wis ditelpon tah bapakmu ? Opo jarene bapakmu Cong..?
Kacong : Sing njawab suoro cewek bunda ……
Sablah : Woooh pancet ae kelakuane bapakmu !!!.. Wis ndang turuo Cong… iki urusane wong tuwek

Sablah mbhedhohog atine…awasss kon yo !!!!!
Jam 10 bengi Bunali moleh lembur…
Sablah langsung nyampluki Bunali nganggo sapu, sutil, sandal dkk…sampek Bunali bundhas kabeh..
Kacong kuaget krungu bapak ibuke gegeran tengah wengi..

Bunali : Wadduuh… wadduhh….wong moleh lembur langsung digasak…
Sablah : Sampeyan ojok athik ngapusi…ngomonge arep lembur tibake gendakan..!!!
Bunali : Sing gendakan iku lho sopo !!!!!
Sablah : Wis ojok athik ngengkel…anakmu krungu dhewe…ageh Cong ngomongo.. opo jare cewek iku mau..???!!!
Kacong : Anda terhubung dengan Veronica…
Bunali : wadduh…wadduh…. Iku ngono batereku entek Coooooong………


Ojek
Gara gara gak oleh lemburan, Bunali kepekso ngojek gawe golek tambahan nutup kebutuhan.
Wis 2 jam ngetem ndhik pengkolan ojek, ono Bunali marani.
Brudin : Li...nang pasar taripe piro..?
gawe bolo dhewe sepuluh ewu ae wis..ageh ndhang numpak.. jare Bunali ambek nyetater bronpit semuangat oleh penumpang.
Brudin : lek nang terminal piro Li..?
Bunali : Nang terminal rodho adhoh sithik yo limolas ewu ae wis..ayo ndhang numpak..iki heleme digawe..
Brudin : Lek nang stasiun piro Li..?
Bunali : ooh adhoh iku Din...selawe ewu ojok dienyang maneh...sik tah lah...kon iku sak jane arep nang endhi?
Brudin : ...arep ngojek pisan..

Pulsa
Brudin : Li..laopo awakmu ket mau tak dhelok nyekeli pagerku..?
Bunali : iyo Din..aku sik tas tuku pulsa..tapi gak masuk masuk..
Brudin : opo hubungane tuku pulsa ambek gocekan pager...? Lek urusan pulsa, takok Wonokairun ae..
Bunali : aku wis takok Wonokairun..terus aku dikongkon mencet pager...lha omahku kan gak ono pagere..dadi sepurane aku nang pagere sampeyan.. Iki ket mau tak penek penek pager sampeyan sampek jempolku kemeng tapi tetep ae gak metu pulsaku...payaahh..
Brudin : ancene nggak nggenah wong tuwek sithok iku...tapi awakmu sik mending....aku wingi luwih parah Li..yo ngono...aku dibujuki pisan ....
Bunali : lho opoko ?
Brudin : aku dikongkon mencet bintang....


emoticon-Ngakakemoticon-Ngakakemoticon-Ngakakemoticon-Ngakakemoticon-Ngakak

Diubah oleh Budhi2010 15-09-2014 02:55
0
12.8K
91
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Urutan
Terbaru
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Komunitas Pilihan