- Beranda
- Komunitas
- Entertainment
- The Lounge
Cerita Ngapak Banyumasan

TS
inyonk.anyaran
Cerita Ngapak Banyumasan
Malem agan semua, ijinkan ane untuk menyumbangkan hasil karya ane. sebuah cerita fiksi ala Banyumas Jawa Tengah.
kalau berkenan mohon kasih
ya gan. biar bisa exis..
silahkan disimak gan..
segitu aja dulu gan,,
kalo rame ntar ane update.
dan yang terahir
gimana menurut agan?
beri ane tanggapan agan tentang karya ane itu..
kalau berkenan mohon kasih

silahkan disimak gan..
Spoiler for Cerita ngapak 1:
Jilbab Coklat, Jenenge Desi
Matane esih madan sepet gara-gara mau mbengi pada lek-lekan karo Udin, Asep, Trisno lan Agus. Kopine wis arep entong segelas urung bisa gawe ilang ngantuke. Rasane wis kepengin ngampeli guling neng kasur, tapi pegaweane urung rampung. Esih gari 100 lembar sablonan stikere. Nek ora kemutan pesene Pak Duslam, guru SMP kenalane setaun wingi, sing njaluk dina kie kudu dadi stikere, soale arep langsung digawa maring kabupaten pesenane batire. Janjine Pak Duslam arep aweh bonus 10% nek dina kie stikere dadi. Semangate tambah nek kemutan kue, tapi matane kayog wis ora bisa di jak kompromi.
�nek wis ngantuk ya turu disit nganah Cup, gari sepira si?� Udin teka terus melu nyruput kopine Cuplis. �gari satus thok kie, tanggung lah� jawabe Cuplis kambi tangane ora mandeng nggesruti sablonan.
�gari satus ikih lah, ngeneh tek terusna nyong bae, ko turu bae disit nganah� Udin nawarna bantuan.
�ya nyah kie� Cuplis menyat karo nggawa kopine maring kamar mburi.
�ya kopine aja melu digawa, masa arep turu kambi ngopi si?� Udin protes,
�hehehe, kelalen, nyah leh..� Cuplis nyrenges.
�nek wis rampung trus kepriwe kie?� Udin takon. �nek wis rampung ya kue stiker di etung disit karo dipilih sing ora apik dipisah, dietung disit mbok kurang, trus diwadaih kardus cilik kue� Cuplis aweh intruksi.
�oke.. siap bos� .
***
Wis arep ana setengah taun Cuplis gawe usaha sablon nengumah, wis akeh pelanggan sing njaluk bantuane. Sekang pejabat kecamatan ngasi para guru-guru neng desane. Walopun mung tamatan SMP tapi deweke wis pinter mandiri, kena nggo ngrewangi biyunge nggo nempur lan nggo dandan umah sing wis mulai katon tua. Semending-semending kambi nyelengi nggo kebutuhane dewek mbesuk. Dewi , mbokayu siji-sijine siki wis kerja neng Jakarta melu lik Kosim. Wis olih rong taun. Baline nek lebaran idul fitri thok saben taun. Lebaran taun wingi Dewi aweh tambahan modal nggo ngembangna usaha sablone. Siki alhamdulillah wis due panggonan usaha dewek neng jejer umaeh. Selain nggo usaha sablon, juga karo nggo juguran batir-batire Cuplis, batir-batire goli ngaranine jere Beskem (base camp).
Dina kue pesenane pak Duslam wis rampung, jerene bakda dhuhur arep diparani. Esih ana wektu 2 jam nggo Udin melu nyusul Cuplis sing wis turu kawit mau. Gagian bae ngringkel neng jejere Cuplis.
Sedurung mapan turu, sedela Udin nggatekna si Cuplis. Neng jejere, Cuplis katon genah pisan rai kesele, batir akrabe kawit cilik katon polos, ajeg kaya mbiyen, walopun wis arep 27 umure, tapi katone esih kaya umuran 19 taun. Dasare Cuplis kue bocaeh bersihan, sregep ngibadah, eman maring batir-batir, termasuk deweke. Selamane batiran karo Cuplis urung tau deweke weruh Cuplis gawe kesuh utawa gawe lara maring deweke lan batir-batire kabeh. Mulane batire pada betah nek dolan maring beskem kie. Wis eman, keluargane juga eman, apikan maring sapa bae. Gawe Udin kadang cok iri, beda karo keluargane. Walopun Bapake Cuplis wis ora nana, tapi keluargane tetep ayem tentrem. Biyunge Cuplis , Mbok Siti, wonge cokan melu pengajian , sregep ngibadah maring mesjid, jamangah sholat ya sregep. Ora kaya rama biyunge dewek, Bapane esih bae dolanan dara kaya bocah-bocah seumuran deweke, biyunge sing cokan ora sabaran ya kadang ngasi kesel goli ngomongi ramane. Dela-dela padu, ngisin-isinna maring tangga. Sing ahire ora betah nengumaeh dewek. Bali ngumah mung andon madang, adus, trus lunga nggone Cuplis. Ana apa �apa ya critane maring Cuplis, curhat mbuapa bae. Sekang masalah dunia ngasi aherat, pokoke Cuplis wis kaya keluargane dewek bae.
Nesih kemutan neng pikirane agi deweke naksir anake RT-ne, si Dian, Cuplis goli wanti-wanti kon aja pacaran disit. Ngasi deweke arep gelut karo Cuplis gara-gara ora dinei nomer hapene Dian. Alesane Cuplis jere urung wektune, aja gemampang goli bergaul karo bocah wadon. Cuplis katon dewasane, teyeng kaya wong tua pemikirane.
Walopun Cuplis juga tau crita wis kepengin mbojo, tapi Cuplis esih mikir, esih urung teyeng ngreksa awake dewek. Esih akeh kekurangane. Biyunge juga kadang wis takon kapan goli arep mbojo. Tapi deweke mung njawab �mengko nek nyong wis teyeng ngapiki umah Ma, nyiapna istana disit, nembe nggolet permaisuri� kaya kue motto-ne Cuplis sing wis mbuh ping pira Udin krungu nek Cuplis ditakoni kapan mbojo neng batir-batire.
Udin mesem dewek terus nekukna tangan nggo bantalan. Urung bae arep merem, lawang beskem di totok..
tok.. tok .. tok...
�assalamu�alaikum..� suara bocah wadon. Udin menyat terus mbukak lawang. Tangane ngusap2 rambute sing acak-acakan.
�wa�alaikum salam.. monggo mba..� jawabe Udin kambi nyengir. Deweke madan grogi ana bocah wadon ayu kudungan coklat neng ngarepe. �punten mas, nopo leres niki griyone mas Cuplis?�
�nggih mba, mba sinten nggih? Wonten perlu nopo?� jawabe Udin karo nyengir. Matane langsung katon seger weruh mba-mba kue. Pawakane kayong bersih, pakeane rapi, �kaya-kayane guru ndean kie� mbatine Udin.
�anu mas, kulo bade pesen undangan�
�oh.. nggih saged, mriki mlebet riyin mba..� Udin mlebu, neng mburine mba-mba kue ngetutna. Udin wis biasa ngrewangi Cuplis dadi wis ngerti goli nglayani tamu sing arep pesen undangan. Tapi nek urusan nyeting undangan tah Udin esih kudu sinau maring Cuplis.
Beskeme Cuplis lumayan gede, dibagi 3 ruangan, ruang ngarep nggo ruang tamu ukuran 3 x 3 meter, ana korsi telu, meja siji karo meja komputer lengkap karo printere mbarang nggo pranti nyeting. Ruang tengah mung ukuran 2 x 3 meter nggo pranti nyablon. Ruang mburi nggo kamar sing ukurane pada karo ruang tengah.
Udin njagong terus nyodorna contoh-contoh model undangane, �monggo lenggah riyin mba, niki katalog undangane, monggo di tingali riyin�. Mba � mba kue terus serius milih- milih contoh undangane. Neng kataloge wis ana contoh karo rega undangane. Sekang model sederhana ngasi model sing larang ya ana. �hmmm... contoh sing liane ana mas?� mba-mba kue takon. �ya ana mba, tapi esih neng komputer, mas Cuplise sing teyeng mbukak mba, nek nyong urung teyeng, hehehe...� jawabe Udin kambi nyengir isin.
Mba-mba kue melu nyengir, �oh,, ujarku njenengen mas Cuplise�.
� Nyong Udin mba, asistene Cuplis, Cuplise lagi turu mba, mau mbengi tes lembur� jawabe Udin madan nglombo ngomong lembur, padahal tes pada lek-lekan dolanan Pe Es mau mbengi ngasi esuk neng nggone Asep.
�oh.. kaya kue..� tanggepane mba-mba kue singkat.
�sedela ya mba, Cuplis tek gugahna disit� Udin menyat maring mburi.
�eh mas,, ora usah lah, mbok ngganggu..� mba-mba kue nyegah kambi menyat.
�ora papa mba, anu wis madan sue ikih turune..�
�aja mas, nyong ora kepenak, suka kaya kie bae..� mba-mba terus njagong maning. �mengko bar dhuhur nyong ngeneh maning bae, kebeneran kie nyong arep maring Purwokerto disit, mengko baline mampir ngeneh maning� mba-mba kue aweh solusi.
�oh,, ya wis nek kaya kue, ngko bar dhuhur Cuplis toli wis tangi.� Udin balik maning terus njagong.
�ya wis mas, nyong pamit disit, insyalloh mengko ngeneh maning� mba-mba kue menyat pamit.
�ya mba.. maturnuwun..�
�pada-pada mas.. Assalamu�alaikum...�
�wa�alaikum salam..�
Lawang beskem ditutup, terus sepi.
***
Bali jamangah Dhuhur sekang mesjid Cuplis gagian ganti, terus maring beskem. Biyunge wis nyiapna tegean ceker ayam, sambel karo terong bunder senengane Cuplis. �mengkoan bae ma.. urung kencot..� jawabe Cuplis ditawani kon madang disit akone biyunge. Nembe mlebu beskem sedela, Udin nongol.
�stiker pesenane pak Duslam ndi mau Din?� takone Cuplis kambi nguripna komputer.
�kue neng ruang tengah, wis tek wadaih kerdus, wis tek taleni sisan� jawabe Udin. �oya Cup, mau ana bocah wadon ayu pisan, ngeneh arep pesen undangan, tapi mau ko esih turu dadi jere arep ngeneh maning kie mengko..�
Cuplis nylinguk sedela terus madep komputer maning, �bocah ndi Din?� takone.
�mbuh,, nyong mau kelalen ora takon, ayu yakin Cup, kayane nek ko weruh bisa naksir, hehehee...� jawabe Udin kambi nyengir kucing.
�halaaah... ko maning, ko ndean sing naksir� Cuplis ngledek.
�hehehe.. ya nek nyong patut si ya mesti naksir�
�maksude patut priwe Din?�
�maksude ya kaya kue lah, bocaeh kan ayu, pawakane juga apik, pakeane rapi, kaya guru-guru apa bocah kuliahan kae lah..� Udin nerangna, terus nyumed rokok mild neng ngarepe. �nek de bandingna karo nyong ya adoh lah� Udin nerusna. �lah wis, ngko ndeleng dewek bae toli ngerti..�
Jam 1 kurang 10 menit ana suara motor parkir neng ngarep beskem. Pak Duslam teka esih nganggo pakean dinese. Nyopot helm terus mlebu.
�slamlikuuum...!!�
�wa�alaikumsalaam..� jawabe Udin karo Cuplis bareng.
�priwe Cup? Wis dadi pesenane nyong?� Pak Duslam mlebu terus nyalami Cuplis karo Udin. Udin langsung maring ruang tengah njiot stiker pesenane Pak Duslam.
�wis pak� jawabe Cuplis kambi salaman. �tek lewihi ana sepuluh ndean kue pak, hehe,,�
�oh,,, ya siip kue,, lumayan kena nggo tambah-tambah semanger lawang umahku,, hehehe...�
�tapi bonuse ora kelalen mbok pak? Hehehe..� Cuplis nagih.
�ya ora kelalen, kye tek tambaih order maning malah, aku pesen gawekna banner sisan, ana 4 macem..� jawabe Pak Duslam.
Cuplis katon seneng pisan, terus njagonge pindah jejere pak Duslam. �siap pak..�
Cuplis nrima bayaran stikere ditambah bonuse sekalian sing wis di janjikna Pak Duslam.10 % sekang rega totale. Pesenan bennere langsung di garap settingane neng Cuplis, sekalian dibayar total. Pak Duslam mung gari trima beres.
Ora sue pak Duslam nengkono terus pamitan. Udin melu seneng Cuplis olih tambahan pegawean, sing artine Udin juga dadi bisa semangat goli ngrewangi pegaweane Cuplis sebab deweke juga kesawaban olih rejeki. Lagi asik-asike nyeting banner, bocah wadon sing mau di critakna Udin, teka.
�assalamu�alaikum..�
�wa�alaikumsalaam..� Cuplis njawab salame terus menyat. Udin mbenerna kursi sing katon madan menceng kambi ndelengna ekspresi raine Cuplis �monggo mba..�
Bocah wadon kue mlebu , terus kon njagong akone Cuplis. Mesem maring Udin terus njagong.
�Njenengan mas Cuplis ya?� takone mba-mba kue.
�iya mba, bener..� jawabe Cuplis. Matane ora kedep madan sue, �bener omongane Udin, pancen ayu kie bocah� mbatine Cuplis.
�mau aku ngeneh mas, tapi njenengan esih kesel jere Mas Udin, dadi siki nyong ngeneh maning�
Cuplis njagong nengarepe mba-mba kue , �iya mba, ngantuk pisan dadi madan kepengin sue turune, hehehe..�
�anu biasa tangi awan ding mba..� Udin ngledek.
�ya pada karo ko, malah nyong sing kalah suene karo ko,, hehehe..� Cuplis nimpali, dadi madan cair suasanane.
Mba-mba kue melu ngguyu.
�o,,ya mba... ada yang bisa nyong bantu?� takone Cuplis karo tampange digawe-gawe serius.
Atine madan ana sesuatu sing teka, pas matane Cuplis ndelengna matane mba-mba kue, Cuplis ora ngerti. Sing jelas kayong madan ana rasa adem. Mbuh sekang ndi tekane. Pancen dunia kue penuh dengan ijig-ijig.
�hehehe.. kie mas, nyong pesen undangan, tapi sing madan maen, bisa ora?�
�oo,, insyalloh bisa mba, mba ana gambaran kira-kira sing modele kepriwe?� takone Cuplis.
�mau nyong wis ndeleng-ndeleng modele neng katalog kue mas,tapi kayong langka sing cocok, nyong mau kelalen ora aweh conto undangan sing kya kie maring mas Udin..�
Mba-mba kue terus ngetokna contoh undangan sekang tas, terus di tidokna maring Cuplis. �sing kaya kie bisa ora mas?�
Cuplis ndeleng contoh undangane kue. Undangane madan maen, modele sederhana tapi ana senine. Jere wong-wong Jepang arane Origami. Seni nekuk-nekuk kertas sing ahire bentuke apik, bisa kaya bentuk kewan, umah, lan lia-liane. Cuplis madan mikir. Urung tau nrima order gawe undangan sing apik kaya kue. Tapi deweke due keyakinan nek deweke bisa. Sing gawe undangan kue be mesti wong, deweke ya mesti kudu teyeng gawe.
�insyalloh bisa mba,,� jawabe Cuplis yakin.
�alhamdulillah,, bisa mas?� mba-mba kue madan negasna.
�insyalloh mba.. nyong urung tau si gawe sing kaya kue, tapi insyalloh bisa mba.. anu barang katon ikih masa ora teyeng,, hehehe..� jawabe Cuplis kambi nyengir. Padahal neng ati madan ketar-ketir mbok ora bisa kaya sing dikerepna mba-mba kue. Tapi ya nek ora nrima ya deweke ora bakal teyeng gawe undangan sing madan maen. Neng desane juga kayong urung tau weruh ana undangan sing kaya kue.
�oh,, ya sip nek kaya kue, kie nyong pesen kira-kira 1000 lembar mas, ya madan di bonusi 10 apa pira, bisa mbok mas?� takone mba-mba kue.
�bisa mba, selama kie juga nek ana pesenan juga tek lewihi mba� jawabe Cuplis karo nidokna contoh undangane maring Udin sing kepengin ndeleng.
�ya bagus kue mas, terus masalah rega kepriwe mas? Aja kelarangen tapine ya.. hehehe..� mba-mba kue njajal nego.
�masalah kue tah mengkoan ya bisa mba, soale kie madan angel gawene dadi nyong tek nggawekna sample utawa contone disit, nek ngko wis dadi, nyong bisa hubungi mba�e, gitu mba,, priwe?� Cuplis aweh saran.
�ya bisa mas, ya pancen anu esih sue sih wektune� jawabe mba-mba , kambi ngetokna kartu nama sekang dompete, �kie kartu namane nyong mas, nek wis dadi contone, hubungi bae nomer kie� mba-mba kue aweh kartu nama.
Cuplis nampani , maca tulisan neng kartu nama, �oh,, ya,, ya,,, siap mba Desi..�
Desi mesem terus menyat, �nek kaya kue ya nyong pamit disit ya mas, maturnuwun pisan..�
Cuplis melu menyat, �pada-pada mba Desi, insyalloh nek wis dadi contone nyong sms mba Desi..�
�oke mas Cuplis.. pareng... Assalamu�alaikum..� pamite Desi kambi mesem
�wa�alaikum salam...� Cuplis njawab kambi mlaku maring lawang. Ndelengna sedela jilbab coklate Desi sing ngrembyak-ngrembyak kenang angin. Terus mlebu beskem maning.
Metu sekang beskeme Cuplis, atine Desi madan plong tapi juga madan ana sing nyesek. Tapi mung Desi karo Alloh SWT thok sing ngerti apa kue sing nyesek.
Wektu wis butul neng jam 2 kurang seprapat. Cuplis aseng Udin madang karo tegean ceker ayam gaweane biyunge. Atine bersyukur esih ana Udin sing setia ngrewangi pegaweane. Sebab ana Udin juga sing ngasi siki deweke cocok nek curhat utawa crita masalah atine, khususe masalah cinta. Ya.. cinta...
****
BERSAMBUNG

0
3.2K
Kutip
10
Balasan

Komentar yang asik ya
Urutan
Terbaru
Terlama

Komentar yang asik ya
Komunitas Pilihan