Kaskus

Entertainment

anggitnspAvatar border
TS
anggitnsp
aku siji kowe siji
AKU SIJI KOWE SIJI, AKU SIJI KOWE SIJI

Badrun karo Koplak bengi2 peteng ndedet nyolong jeruk neng kebon, lagi oleh setengah karung, ono asu njegog lansung mlayu banter wedi selak konangan.

Tekan ngarep Gerbang Kuburan angker jeruke tibo ngglundung 2 tapi ditinggal wae mergo kesusu arep cepet-cepet ngumpet neng mburi kijing timbang konangan.

Kendel tenan maling 2 iki....

Kiro2 wis aman, Badrun karo Koplak wiwit bagi hasil..

"aku siji....kowe siji....aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji...."

Ngono terus nganti ono wong liwat, yoiku Si Karmin, kaget, mandeg mrinding krungu swara aneh seko njero kuburan angker......

"aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji......."

Saking wedine Kamin mlayu marani daleme pak kyai cedhak kono lan karo ngos-ngosan pucet ndeprok dengkule meh copot crito memedi suara neng kuburan wingit mau.

Pak kyai penasaran, ngajak Karmin ngindik neng ngarep Gerbang Kuburan, ora wani mlebu. Karmin gemeter gocekan sarunge pak kyai seko mburi...

Seko jero kuburan tetep keprungu swara :

"Aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji..."

Karmin: " Pak kyai nopo niku swara malaikat itung2an nyowo menungso sing sampun dicabut ajeng dilaporke dumateng gusti sing kuwaos pak kyai ? Karmin takon bisik-bisik gemeter keweden....

"Mbuh aku dewe ora paham" jawabe pak kyai karo megeng napas...

Ora suwe ono swara maneh seko njero kuburan..

"Iki wis rampung kabeh, saiki kari 2 neng ngarep Gerbang Kuburan kae arep dijupuk sopo? Kowe opo aku??"

Pak Kyai lan Karmin: "WAAAAAAAA......blaik tenaannn.....!!" Njenggirat kaget saknaliko Pak Kyai lan Karmin mlumpat kalen mbradat mlayu keponthal-ponthal nganti sandale keri.....lan sarunge mlorot..... =))
0
2.2K
16
GuestAvatar border
Komentar yang asik ya
Urutan
Terbaru
Terlama
GuestAvatar border
Komentar yang asik ya
Komunitas Pilihan