Quote:
SELAMAT DATANG
di Opera Mini acak-acakan, morak-marik, mawut - mawut ra karuan.
Opera Mini iki di modif khusus nggo wong tuo gaul, wong ndeso katrok, wong sing ra iso bahasa indonesia opo meneh bahasa inggris.
Sebagian besar menune nganggo boso jowo. Simbah-simbah, bpk, simbok, pakde, mbokde, cah cilik, cah bodo, cah ra sekolah, kabeh do iso nggunake opera mini iki. Nek kowe iso ngature, opera mini iki iso gratis ra
keno pulsa. Nek ra iso yo nangiso wae, njaluk'o duit mbokmu
nggo tuku pulsa.
Opera mini iki dudu mung opera mini ecek-ecek. Iki wis di modif tak tambahi fitur kamera satelit, dadi iso di nggo ngindik wong adus lan wong lagi
ngising seko ngomah.
Opera mini iki ugo iso di nggo nonton TIPI, tapi dipasangi booster disik ben gambare bening, cetho welo-welo. Yen ono tonggo utowo sedulur lagi nandang susah, opera mini iki ugo iso nggo nambani wong
loro,koyo to: kesleo, kesel, pegel-pegel, kesurupan lan lio-lione
Opera mini iki sifate FLEKSIBEL , ELASTIS , ANTI KARAT
FLEKSIBEL
opera mini iki dipasang nggon hp sing apik iso, nggon hp sing olo yo iso. Nek ra duwe hp,di pasang nggon Kalkulator limangewunan kae yo iso.
ELASTIS
anti pecah/remuk, sak upomo hpmu gigol trus kelindes montor mencelat nibani ndase pakmu trus pakmu nesu hpmu di gepuk nggowo watu, opera mini iki ora bakal rusak utowo suloyo babar blas.
ANTI KARAT
opera mini iki di gawe nggowo campuran almunium, dadi sak upomo hapemu kecemplung jamban
Ora mung kuwi thok, opera mini iki wis tak tambahi fitur-fitur liyane.
Ono Radio AM,FM,SW,MW + mp3 player, dadi nek pas lagi ngenteni loading iso karo ngrungokke wayang/lagu senenganmu sinambi manggut-manggut.
Ono kipas angine, nek kowe kesel internetan sedino sewengi nganti awakmu kemringet ojo kuatir soale wis ono kipas angine. Iso silir, isis kringete rodo sudo
Trus iki rencanane edisi sesok arep tak tambahi fasilitas WC, dadi sak upomo lagi pesbukan ujug - ujug kroso ngiseng utowo anyang-anyangen pengen nguyuh ora perlu nyang WC maneh.