jembeleyekAvatar border
TS
jembeleyek
Paijo arep ngapel (bahasa jawa)
Kyok biasane Paijo ngapeli Srintel saben malem minggu.
Nganggo sepeda ontel sing saben dino biasa digawe golek suket neng sawah kanggo makani weduse. Banjur Paijo pamitan kro si MbokE.

Paijo : Mbok aku jaluk sangu arep ngapel.

Si mbok : ngapel neng ndi to Le arepe?

Paijo : wis to kwi urusane cah emom Mbok,ndi sangune?

Si mbok : ora enek Le.

Paijo : Kwi sing disempen neng kutang?

Si mbok : koe ki koq ngrti ae to Le.

banjur Paijo diwenehi duit 5.000

Paijo : lah dwit 5.000 oleh opo to mbok?

Si mbok : ws ora enek maneh,iki kanggo tuku beras sesuk.

Paijo : msok yo mung 5.000 mbok?

Si mbok : yen kurang kae sepedamu didol kae.

Paijo : la trus aku ngapel numpak opo?

Si mbok : yo wedusmu kae ditumpaki ( karo muring-muring)

banjur isukE Si mbok bengok-bengok.

Si mbok : Jo,Paijo...

Paijo : Opo to Mbok isuk2 ws bengok2? (lagi tangi isek kriyip-kriyip mripate)

Si mbok : kae sepedamu neng ndi Jo?

Paijo : lah jaremu kon ngedol Mbok.

Si mbok : la koe ngapel numpak opo?

Paijo : pye to Si mbok iki,jare kon numpak wedus.

Si mbok : oalah Le,Le awit lahir bodoh koq yo ora mari-mari.
karo nyiram Paijo nganggo banyu bekas isah-isah (korah-korah) rasakne iki Le,,,,,utekmu ben encer.
0
3.4K
65
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Urutan
Terbaru
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Komunitas Pilihan