Kaskus

Entertainment

muharamaAvatar border
TS
muharama
Ngomong aja Gampang ya?
Ada yang kenal pak mario teguh ?
itu loh yang sering bilang super di salah satu stasiun tv yang banyak beritanya.
lah masi ga tau juga? itu loh kalo difoto sering bergaya sambil menunjuk ala mario teguh
kira-kira seperti ini lah orangnya emoticon-Malu (S) :

Ngomong aja Gampang ya?

nah tadi iseng-iseng baca statusnya pak mario, lucu juga ternyata, lumayan menghibur jiwa yang lelah ini halah..
tulisannya dalam bahasa jawa kuno, ga deng jawa timur hehe
dibaca pake logatnya pak mario ya,
kalo ga ngerti ada terjemahannya kok dibawah jangan takut, monggo dibaca

cekidot gan :

Pak Mario, awakmu iku kakean ngomong, gak ono’ buktine. Sampean iku wis dadi opo?

He he … iyo, aku dhurung dadi opo-opo.

Lha iyo, opo sing wis kok buktino?

Gak ono. Aku yo wis koyo’ biyen ae, mrona mrono ngomong thok.

Mangkane, ojo’ ngomong ae, dadio koyo’ aku. Aku wis dadi uwong.

Podho.

Tapi aku sa’iki sik tetep mlarat.

Podho.

Mbujuk!

Lho, aku lak dhurung mbuktino opo-opo?

Lha kok iso mlebhu tivi?

Iku gak sengojo.

Gak sengojo, khok keto’e sogih?

Keto’e ae.

Ancene awakmu iki pinter ngomong.

Lha wis gaweane.

Enak awakmu iki, ngomong thok dibayar.

Lha iyo iku?

Lek ngomong ae aku yo iso!

Lha iyo, ngomongo.

Tapi sing kate mbayar aku sopo?

Lha iyo iku?

Lho, sampean ojok ngono?

Ngono opo?

Sing kate mbayar aku sopo?

Embuh! Kartolo mbe’e.

Lha Kartolo kate mbayar aku prio?

Mbuh?! Tako’o dhewe.

Opo kiro-kiro dhe’e gelem mbayar aku?

Mbuh. Lha awakmu kate ngomong opo sing iso dibayar Kartolo?

Lha iyo, aku enake ngomong opo?

Mbuh. Sing ngomong aku ngomong thok lak awakmu?

Mmm … opo aku tak Ngremo ae?

Ooooh … Kartolo wis pinter, nggak perlu awakmu.

Mmm … ngomong opo yo enake?

Wis, ngene ae … Aku kate lungo karo bojoku, rodo’ suwe … awakmu gelem nggak – nggantekno aku nang Metro TV.

Nyaopo?

Ngomong ndik Golden Ways, nggantekno aku.

Lho, lha terus aku ngomong opo?

Opo ae! Gampang kok. Njeplak’o sak karepmu gak popo, wong awakmu yo iso ngomong kok?!

Mati aku! Ngomong opo? Sing nontok awakmu nang tivi iku kiro-kiro piro?

Yo nggak tentu. Iso sepuloh yuto, iso telung puloh, … pokok’e total kiro-kiro pitung puloh yuto.

Itu uwong kabeh?

Yooo … onok sing uwong, koyo’ uwong, koyo’ codot, koyo’ awakmu. Macem-macem lah!

Waduh! Aku ngomong opo?

Tenang ae bro! awakmu wis suwe iso ngomong. Lak awakmu dhewe sing ngomong aku isone ngomong thok?

Waduuh .. iki wis teles sualku iki.

Ngompol tah sampean?

Nggak, tapi mbrebes mili ndik ngisor iki.

He he … awakmu iki lucu Cak! Wis, muliho kono, anakmu wis nggoleki ebese’

Yo wis, assalamualaikum!

Wa’alaikumussalaam!

Mario Teguh – Loving you all as always

---------------



Bila terhibur silahkan di timpuk emoticon-Blue Guy Cendol (L) ya gan, kalo ga bisa silahkan di emoticon-Rate 5 Star jangan di emoticon-Blue Guy Bata (L) ntar ane emoticon-Turut Berduka

status ini saya ambil dari fans pagenya pak mario di:
http://www.facebook.com/pages/Mario-...880?ref=stream

terimakasih
Diubah oleh muharama 20-12-2012 02:19
0
3.2K
32
GuestAvatar border
Komentar yang asik ya
Urutan
Terbaru
Terlama
GuestAvatar border
Komentar yang asik ya
Komunitas Pilihan