alexa-tracking

Mulane Dadi wong iku ojo sombong (cerpen bahasa jawa)

Main Content

1024
1024
KASKUS
51
244
https://www.kaskus.co.id/thread/5603ea19c2cb1740698b456d/mulane-dadi-wong-iku-ojo-sombong-cerpen-bahasa-jawa
Mulane Dadi wong iku ojo sombong (cerpen bahasa jawa)
Semilir angin ing wayah udan riwis – riwis iku, nggowo atiku menyang suasana sing ora karuan. Rasa wedi kaliyan bingung perang ono jero atiku, rembulan lan lintang ora jelas ono ngendi panggonane amarga ketutup langit mendung. Lampu – lampu omah padha murup, lan tiyang – tiyang sampun sare. “yen wes ngerti koyo ngene iki, aku wegah ngulangi maneh, kapok aku wes.” Pikir ku ing jero ati. Ya, sakniki aku kejebak wonten jero rumah kosong ing desa tetangga. Desa kasebut Desa Sidomulya, sing wis terkenal kaliyan keangkerane. Jare gosip sing beredar saka wong menyang wong, bc menyang bc lan sms menyang sms. Wonten salah setunggalipun griya sing wis ora di panggoni manungsa. Griya niku wonten ing salah setunggalipun dalan sing rawan kecelakaan, mesti ing setahun wonten wae sing kecelakaan wonten dalan niku, mulai sepeda pancal, sepeda montor, montor lan sak panunggalane. Korbane uga macem macem, ana kucing, pithik, bocah – bocah, bapak – bapak, ibu – ibu, nganti tiyang sepuh. Mulai tatu ringan, tatu berat lan ono sing nganti kilangan nyawanipun wonten dalan niku. Jarene gosip iku, wonten pesugihan sing mangan tumbal yaiku korban kecelakaan niku. Lan arwahipun korban padha pindah menyang griya sing kosong wonten cedhakipun dalan.
***
Hawa panas nandhaake srengenge wonten dhuwuripun sira, semilir angin uga dadi barang langka sing dibutuhake tiyang katah, pas wayah wangsul sekolah niku, kula, Amir, Budi lan Joko mlaku mlaku bareng lan mampir wonten salah sijinipun warung. “Bu, es serut setunggal tambah roti nggih bu..” aku pesen, “Iyo, le”. Pas sakmarine pesenan teka, Budi cerita masalah griya sing angker wonten desanipun. “Eh rek, wau bengi pas aku wangsul saka nobar wonten griyane kancaku, aku mlaku lewat ngarepe griya sing kosong. Eh pas enak – enak mlaku, sing mbendok watu. Aku kaget rek lan ngamuk. Tak selidiki asale sing mbendok saka griya sing kosong iku. Pas aku mbukak pagere aku krungu suara wong nangis rek, kaget aku. Suara iku tak goleki saka ngendi asale. Pas ketemu ana rambut dowo rek, rambutipun ngelayang. Aku kaget, orah usah babibu aku langsung kabur ae wis. Wedi aku.” “iya wingi sore pakdheku lewat kono rek, krungu suara wong nangis” saut joko. Budi lan Joko niki griyanipun wonten Desa Sidomulyo yaiku desa tetangga, jarakipun ora adoh kirang luwih 2 kilo. Joko lan Budi niki sekolah wonten SMA ing desa ku, saben dina nitih sepedha pancal, Budi lan Joko niki kanca sakelasku, Budi iku tiyang sing ceria, asik lan olah ragae wis sae, lan Joko niku tiyang sing humoris, pinter tapi ora remen kaliyan olah raga, bedho 180 derajat kaliyan Budi. “Hahaha, ra percoyo aku bud, kowe palingan ngapusi” jawab aku “Iyo budi iku senengane ngapusi.” Saut Amir. “Ngapusi opo ta? Aku ora ngapusi rek, iki temenan, kedadeyane aku dhewe sing ngerasakne.” Jawab Budi. “Alah bud, palingan kowe yo ngarang cerito, supaya aku lan joko wedi.” Jawab aku “iyo bud, ojo ngarang cerita” saut Amir. “lho rek aku percoyo Budi, soale omah iku pancen angker.” Jawab Joko “wes jok, nek ono setan, engko setane tak tabok cekne kapok, hahahaha” jawab ku “wes le, ojo sombong – sombong, ora becik” jare Bu Sa sing duwe warung “lha sinten sing sombong bu, niku budi bu remen ngapusi tiyang liya” jawab Amir “ya wis yen kowe padha wani, engko bengi nginepo menyang omahku, kesok minggu kan?” jawab Budi “ah kecil iku” jawab ku.
***
Hawa bengi wis mulai nusuk balung lan nembus kulit, jangkrik lan kodok sawah wis mulai konser musik, ing wayah bengi niku kula, Amir lan Joko nginep wonten griyanipun Budi. “wis siap rek? Ayo budhal” Budi ngomong, kula lan rancang – rencang kula budal ngawiti petualangan wonten griya kosong. Sakniki Budi ngajak mas sepupunipun sing duwe ilmu spirirtual. “Mas mengko menawi wonten masalah, kula nyuwun tolong nggih” Budi ngomong menyang mas Arid, “Gampang wes” jawab mas Arid. Jam wis nunjuk angka 8, awakdewe sampun tutuk wonten ngarep griya kosong niku. Aku mlebu pertama griya iku, krekk, suara pager bukak, ora suwe setitik, ono suara benda sing tiba. “gedubrak” “tikus paling” pikirku, ra usah babibu kula, Budi, Joko, Amir lan Mas Arid mlebu wonten jero griya kosong niku. Pas lawang dibukak udan riwis – riwis tiba saka langit, hawa adem nabrak badan kula, nembus kulit lan nusuk tulang. “gedubrakkk” suara benda tiba metu maneh. Sak iki aku wis ngeroso ora enak, ati ku ora karuan, rasa pesimis wis ngumpul wonten jero otak lan ati, nanging rasa isin marang rencang uga wonten jero ati, yen kula ora wani konco ku gelem dolan karo aku nopo ora, pikirku.
***
Kula lan rencang – rencang mlaku – mlaku nelusuri saben pojok wonten griya niku. Griya niku lumayan gedhe, desain wonten jero griya niku model eropa lan jawa. Lorong – lorong sing boten wonten lampu, di telusuri kabeh. Pas tutuk kamar pertama wonten griya niku kesannipun kagum uga prihatin amarga griya sing duwe kamar gedhe lan sae niku boten dipanggoni. “hiiii, hiiii, hiiiii” aku krungu suara wong nangis, suaranipun nyayat ati lan nggarai wulu alus wonten badan podho ngadek kabeh. “wedus, suara opo iku?” aku ngomong “ono suara opo bud? Aku ora krungu opo - opo?” jawab Amir “aku pisan” jawab Budi lan Joko . “suara wong nangis yo bud?” takon mas Arid “nggih mas” jawabku, “engko ojo nganti pencar yo rek” Mas Arid ngongkon “Nggih mas”. “Sret…sret…sret…” sakniki metu suara barang sing diseret – seret, rasa wedi wis nguasai awakku, merinding wis nyerang badan lan gemeter padha meneng wonten sendi – sendi awakku. “hihihihihihi” suara wong ngguyu wes krungu sakniki Amir sing krungu, aku krungu nanging setitik, Joko, Budi lan Mas Arid ora krungu suara opo – opo. Pas tutuk ruangan keluarga aku ndelok bayangan putih sing lenggah wonten kursi, tapi ora suwe, sak marine awakdewe lanjut nganti pawon sing cedhak karo toilet. Pas wonten kono, lampu senter sing digawa padha mati kabeh. Angin nyebul tambah banter, jendela lan lawang wonten dapur padha gedebrukan. Pas aku ngadep nduwur, aku ndelok pemandangan sing ora enak didelok, ing dhuwurku wonten wong wadon sing gawe klambi putih, lan rainipun boten berbentuk. Amarga kaget lan campur wedi aku langsung mlayu menyang griyanipun Budi. Wonten dalan pas wayah udan niku kula mlayu lan maca dzikir lan do’a sing kula hafal. Wonten griyanipun Budi kula langsung salin klambi lan sare lan nutupi badan kaliyan selimut. Badan adem panas, tandanipun penyakit demam nyerang badan kula.
***
Tigang dinten kula boten mlebet sekolah, jare dokter kula kena tifus, lan kudhu istirahat lan Alhamdulillah kula sakniki sampun waras lan penyakitipun boten disebabno gangguan setan. “eh Jar, piye kabarmu?” takon Budi lan Joko “Alhamdulillah” jawabku “Eh Jar, wes waras?” takon Amir “Iyo bro, eh pas aku mlayu kabur ono cerita sing apik tah?.” jawabku. “eh jar pas kowe mlayu saka griya kosong niku, amir ndelok pemandangan bantal guling warna putih sing duwe rai, saking wedine Amir nganti ora sadar aliyas semaput, Aku lan Joko podho bingung. Akhiripun mas Arid ngajak wangsul, amarga suasanane wes ora enak, lan bahaya. Aku diceritani mas Arid nek ing griya niku wonten katah setan sing ngganggu manungsa, salah sijinipun kuntilanak sing kowe delok lan pocong sing didelok Amir.” Cerita Budi. “Mangkane jar, yen dadi wong iku ojo sombong” saut Amir “ala kowe yo sombong pisan, jarene wani karo setan?” jawabku “wes rek, kowe mari nggarap PR ta?” takon Joko “waduh iyo” jawab Budi lan Amir “bud, bud, mir, mir” pikirku. Sak marine kedadeyan iku aku ora wani sombong maneh lan percaya marang kehidupan wonten alam lain yaiku alam ghoib.
Dening : Fajar Gustian Reyzaldi/XII MIPA 6 - 12

tolong komen dan ratenya ya gan emoticon-Malu (S)
buat tugas sekolah nih gan
image-url-apps
opo perlu ditulis jenenge pengarang, sampeyan pengen terkenal tha?

ono versi ebook e ra?
ben penak macane
image-url-apps
malah mumet ki kakean mocone dadi puyeng
KASKUS Ads
image-url-apps
Ojo mas ojo emoticon-Malu
image-url-apps
koyo moco koran emoticon-Hammer (S)
image-url-apps
Mbuh mumet puyeng ndasku mocone, mungkin sing ngisor iso mudeng...
image-url-apps
cek dawane lek... emoticon-EEK! rung moco wes kesel lek
image-url-apps
Haha.. Meni pikaserieun.. Cigana ieu mun di novelkeun bakal payu gan.. Teraskeun gan.. Ding jucung muncugug.. Sumangeut
image-url-apps
sakjane wis apik, tp musti dirapihno mneh ben enak dimacane.
image-url-apps
mbok yo di kei paragrap mbaah...
ben enak nek moco...
image-url-apps
Kesel jonn
×