irhamsxAvatar border
TS
irhamsx
Tips Mudik dari Mbah
11 TIPS MUDIK LEBARAN NUMPAK MOTOR TEKO MBAH :

1. Pastekno dhisik nek awakmu nduwe motor. gak usah nekat nyolong motor opo maneh sampek konangan sing nduwe, mengko malah gak sido mudik tapi ndekem neng pos polisi gak iso mangan lontong opor...

2. Ban-e diitung dhisik, jumlahe kudu loro, nek siji iku sepedahe badut, nek telu iku becak utowo bajaj, nek papat berarti awakmu numpak angkot, nek gak onok rodane berarti numpak prau, nek gak onok apa2ne berarti mlaku...

3. Rem dicek.
Ojo nekat ngerem nggawe sepatu/sandal nang aspal. eman2 aspale nek rusak, sik tas didandani winginane iku rek...

4. Cek rantai karo gear sik onok opo gak, sopo ngerti wis ilang dicolong arek pelajar digawe senjata tawuran...

5. Cek lampu ngarep, pastekno duduk lampu senter sing mbok pasang. opo maneh nekat nggawe lampu oblik. Iki ngono mudik bro! duduk mbunteli kacang telor neng plastik gawe jajan riyayan...

6. Spion ojok lali gawe ngaca selama perjalanan. tapi ojok koco rias sing digowo, opo maneh sak mejone, abot nggowone...

7. Nggaweo helm SNI.
Masio awakmu kerjo nang proyek, ojok pamer pas mudik nggawe helm
karyawan seng wernone kuning2 iku. mambu rambut apek sisan, kakean lengo orang aring...

8. Nggowo barang2 sing ringkes & penting ae.
Barang2 koyok kasur, tabung gas elpiji, mejo komputer, raket
nyamuk opo maneh anake kucing, kurungan pithik iku gak usah digowo...

9. Pasang kecepatan roto2 40-70km/jam ae.
Gak usah ngebut badai sampai 120-180km/jam koyo valentino rossi ae, nek kecepeten tekan kampung paling yo awakmu dikongkon ngewangi mbokNe ngudek madumongso nang pawon, nek gak ngono dikongkon masak apem gawe malem megengan...

10. Nang perjalanan sing wajar ae, ojok lebay atik lepas setir, ngadek neng jok utowo ngangkat2 ban ngarep trus ambek goyang itik barang...

11. Ojok lali berdoa dhisik ben dikeki selamet nang perjalanan lan selamet sampek tujuan nang kampung... ojo dungo mangan ae sing diapalne kawit jaman TK nganti saiki isone kuwi tok...

SELAMAT MUDIK LEBARAN !!!!.
0
1.4K
13
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Urutan
Terbaru
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Komunitas Pilihan