Pengaturan

Gambar

Lainnya

Tentang KASKUS

Pusat Bantuan

Hubungi Kami

KASKUS Plus

© 2024 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved

rudimosraspeedAvatar border
TS
rudimosraspeed
Zodiak Versi Jowo Paling Gress 2013!!!
By Mbah AdoH
1. VIRGO :
Penggawean singcocok: dodhol blewah karo jengkol. Keuangan: dedel duwel. Asmara: mbok yo golek sing rodho genah lan waras.
2. AKUWARIYUS :
Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek. Keuangan: nyilah-nyilih tonggo. Asmara: Sedelok engkas jomblo, dikepret calon mertuwo.
3. PISKES :
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon. Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan nogel. Asmara: jare morotuwo: "aku golek mantu tp gak koyok raimu !!"
4. ARIYES :
Penggawean sing cocok: angon wedhus, mbecak. Keuangan: kakehan utang, tombok terus. Asmara: upgrade-en disik dapuranmu, dapurmu rak maleh2 kawit mbiyen.
5. TAWURUS :
Penggawean sing cocok: Ngarit pakan wedhus, dodhol klepon. Keuangan: kapusan konco dewe.Njaluk diruwat. Asmara: gak payu2, ganti pelet karo menyane.
6. GEMINI :
Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot. Keuangan: ngedoli warisan mertuwo. Asmara: gak jelas sir2ane lanangopo wedok.
7. KANSER :
Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik. Keuangan: sekarat, arep bangkrut. Asmara: gak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret.
8. LEYO :
Penggawean sing cocok: dodolan suket karo dodolan daster. Keuangan: mbrebet. Asmara: ati2 bakal kepelet bintang film kartun.
9. LIBERA :
Penggawean sing cocok: ngorek2 larahan nek gak dadi tukang golek beling. Keuangan: gak enthos golek duwik. Asmara: malem minggu sir2anmu ngidam menek talang.
10. SEKORPIO :
Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo. Keuangan: podo mlarate, dikuras copet. Asmara: duwe sir2an engkrik-engkrik ­'en.
11. SAGITARIYUS :
Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto. Keuangan: bojo purik njaluk mulih nang mertuwo. Asmara: ditempilingi ae karo bojomu.
12. KAPRIKORN :
Penggawean sing cocok: Dagangkrupuk upil. Keuangan: Nguwatirno, waspada tukang panci nagih! Asmara: hambar, pacar mu njaluk rebonding rambut kelek, ajuuur mumur... emoticon-Big Grin
0
5.2K
117
GuestAvatar border
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Urutan
Terbaru
Terlama
GuestAvatar border
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Komunitas Pilihan