Pengaturan

Gambar

Lainnya

Tentang KASKUS

Pusat Bantuan

Hubungi Kami

KASKUS Plus

© 2024 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved

ronron69Avatar border
TS
ronron69
Katanya caleg itu pinter,koq pohon di paku?Mau pala lo gw paku kayak sundel bolong?
JANE koe ki SOPO?

Ndisik kere mangan wae njaluk kancane, ngalur ngidul yo
mung nggandul, kokean omong isine kosong, akeh janji
isine ngapusi.
Bareng saiki lungguh kepenak kerjanane kur manak, tanda tangan nganggo itungan, di ajak rembukan njaluk
karaokean, dikon rapat malah do minggat... Urusan dum-duman podo rebutan, jane koe ki sopo?
Koe kepilih rak mergo ngobral njanji, nganggo sistem
demotai, sopo sing wani nduiti mesti dadi.. Lah ngono
wae kok kemaki! jane koe ki sopo?
Ilingen ndisik nggone mbribrik sampek tak pikir koe
turunan jangkrik, masang gambar pendak pengkolan,
pating temempel turut dalan, pecengisan ning wit+witan,
koyo munyuk podo penek an...koe iki waras opo edian?
Kok ngisin-ngisinke awakmu dewe rangaggo aturan? Jane
koe ki sopo?
Opo koe iseh patut diceluk menungso wong uripmu
seneng ngelakoni doso?
Aq pingin nyeluk awakmu iblis luwih aluse setan.. Tapi
wong koe ndue jabatan,yo wis Poro Kewan Sing kumat.
Kur ngilingke kanggo sedulur ngati-ngati ono kethek
musiman do mangkring ning wit-witan, semebar ning
perumahan, pating cruwet ning radio, lapangan bola koyo kebon binatang.
Sing apik jumlae ora sepiro bakal kegowo opyake sing
olo yo iki sing jenenge jaman goro-goro, akhire kabeh
janjine koyo telo....
Diubah oleh ronron69 22-03-2014 00:58
0
2.5K
23
Thread Digembok
Urutan
Terbaru
Terlama
Thread Digembok
Komunitas Pilihan