Pengaturan

Gambar

Lainnya

Tentang KASKUS

Pusat Bantuan

Hubungi Kami

KASKUS Plus

© 2024 KASKUS, PT Darta Media Indonesia. All rights reserved

h.limasembilanAvatar border
TS
h.limasembilan
Jon Compong - Humor Konyol Tegalan - Harian Pagi SatelitPost



Rubrik ini untuk hiburan semata. Cerita diadaptasi dari kejadian nyata, fiktif, dan anekdot dari berbagai sumber yang dikemas dalam bahasa khas tegalan. Ikuti terus cerita konyol Jon Compong setiap hari di Harian Pagi SatelitPost.Semoga Terhibur.




Parabola Salah Madep

Jon Compong pencen bener-bener compong. Adong duwe ide cokan aneh-aneh nemen. Gayane sok pinter. Asline tah bodo leo. Pas critahan karo tangga-tanggane Jon terkenal doyan ngarang. Tapi adong ngomong cangkemme kayong temenanan. Mugane akeh tanggane sing percaya.

Pas minggu wingi ana tanggane Jon sing arane Slamet, kas tuku antena parabola. Lagi dipasang nang tukang pasang parabola tah tipine langsung murub bening nemen kaya banyu tuk. Tapi remote nggo dolanan anake slamet. Channel-e kekunci. Kebeneran kekuncine neng channel pilem sing isine pilem hantuuuuu bae.

Nah akhire Slamet kebingungen. Takon-takon maring tangga-tanggane laka sing pada paham. Wis sajam luwih, parabola sing anyar kuwe, pilemme hantuuuu…bae. Anake Slamet gemboran pengin ganti pilem kartun. Tapi channel kekunci neng channel pilem horor.

Wis wong papat jajal nulungi, remot diutak-atik tetep kekunci. Pas lagi pada bingung kabeh, ujug-ujug Jon Compong teka.

Slamet : Naaah….kiyeeeh…adong Jon mesti paham kyeh soal parabola
Jon : pimen? ana apa?
Slamet : kiye Jon, parabolane enyong kekunci nang channel pilem hantu. Pimen carane ngganti?
Jon : pengine ente pan pimen? Mene remote ndeleng! (Jon gaya ahli)
Slamet : ya pimen carane, endah bisa ganti aja pilem hantu bae
Jon : gampang kuwe tah (Jon terus ngutak-atik remot. Tapi tetep ora bisa)
Slamet : pimen Jon?
Jon : kiye tah dudu remote kayane kiyeh
Slamet : si apane?
Jon : coba ngko tek deleng parabolane (Jon metu njaba ndeleng parabolane)
Slamet : pimen parabolane?
Jon : kiye, ternyata parabolane salah madep pak (Jon ngawag tapi tetep gaya ahli)
Slamet : si salah madep pimen Jon?
Jon : soaleee…kiye parabolane madep kuburan, mugane pilemme hantu bae
Slamet : lah lokeeen….??!
Jon : iya sung !
Slamet : terus pimen. Nyong pengine ganti pilem perang ya kene wis. Pimen carane?
Jon : ya gampang, parabolane diadepna maring Koramil owwh….!!
Slamet :lah lokeeeen….?!!
Jon : iya! ente belih percaya. Kuwe gelombang etektromagnetik hantu manjing antena soale. Mugane pilemme hantu bae. Coba diadepna maring bank, ya britane ekonomiiiii. Adong diadepna pasar ya isine wong pada dodolan karo pengemis. Sing penting aja diadepna kali pak. Soale ngko tipine isine wong ngumbaih klambi garo adus. Terus wanti-wanti aja diadepna umaeh nyong pak. Soale mengko gambare wong nagih utaaaang bae sadina-dina.
Slamet : kiye aja guyonan Jon. Kiye serius ka?
Jon : kuwe tah adong ente percaya pak. Coba wis antena parabola dicopot diadepna Koramil
Slamet : mengko pileme apa adong madep Koramil

Jon : mesti pilemme Rambo pak
Slmaet : ya wis cocog kuwe pilem Rambo enyong seneng nemen
Jon : ya wis setuju ya parabola digeser?
Slamet : ya wis coba

akhire Jon garo Slamet munggah payon. Parabola diplegokna madep Koramil. Tangga-tanggane pada ndelengna sing ngisor. Barang madep Koramil, tipine tetep pilem hantu. Jon Campong dikapruki Slamet enteng-entengan. (*)


emoticon-Ngakak=====emoticon-Ngakak

Bayi Laka Anuke

DADI wartawan wis dadi cita-citane Jon Compong awit cilik. Angger weruh ana wartawan agi pada liputan, Jon kepengin nemen. Apa maning koh, weruh wartawan sing gagah rambute gondrong nggendong tas kamera, Jon kemlecer kepengin gagiyan gedhe, pan dadi wartawan. Mugane awit mlebu SMP, Jon sering gemagusan kaya wartawan. Tas duweke jasake sing kaya koper digawa sekolah. “Endah kaya wartwan ah,” jere Jon sejroning ati.

Saiki, Jon wis dadi wartawan temenan. Unggal dina liputan maring ngendi-ngendi. Kadang maring Polres, pengadilan, kejaksaan. Kadangkala ya liputan maring DPRD, mlebung pasar. Pokoke Jon saiki wis dadi wartawan pentholan. Apa bae ngerti. Ana kucing mati duweke tanggane langsung ngerti. Tanggane selingkuh ya paham. Pokoke paribasan, ana dom gigal neng desane, Jon ngerti. Mugane adong kumpulan RT, Jon mesthi detakoni pirang-pirang neng tanggane. Mulai masalah pulitik, nagnti rega mengkreng Jon paham.

Nah, awan kuwe, pas panase ora umum. Nganti jam rolas ngawan, Jon urung olih berita. Ora mung si Jon. Kanca batire Jon ya pada bingung, langka kedadian apa-apa sing bisa debritakna. Nganti jam siji ngawan, puluhan wartawan, mung gur juguran neng DPRD. Bingung laka brita, akhire Jon nylinthis lunga ngubengi kota. “Eh mbokan sapa ngerti ana kedadian sing bisa debritakna,” ujare Jon jroning ati.

Pas lagi ngubengi alun-alun numpak motor, Jon diundang kancane sing kebeneran lagi dolan neng alun-alun.

“Jooon…..woiiii Joooon,” kancane Jon gemboran kambi keprok.
Jon kontan nglingak, terus puter balik marani kancane.
“Pimen ana apa?” takone si Jon.
“Ente tesih dadi wartawan owh ya?,”
“Ya esih owwh. Piben?” takone Jon
“Gyeh, kae nang rumah sakit ana bayi laka thitite, melasi nemen,” omonge kancane Jon
“Yakin sung?!” takone Jon.
“Yaul Jon, kae neng rumah sakit. Li kena dipoto terus debritakna,” jawabe kancane Jon
“Ya wis yuh, ente melu rumah sakit sisan. Ente ngarep aku mbonceng,” jawabe Jon.

Olih info A1, pikire Jon. Mugane kambi mbonceng kancane, Jon telpan-telpon karo kabeh kanca wartwan dimein ngerti. “Cepetan meluncur rumah sakit siki!, kiyeh ana bayi laka thitite,” kaya kuwe sms-e Jon maring kanca batir.

Wartawan sing agi pada juguran neng DPRD langsung geger olih sms-e Jon. Kaya wong konvoi wartawan langsung njegleg motor pada gembrudug maring rumah sakit. Jon karo kancane sing wis anjog rumah sakit disit, nunggoni nang ngarep gerbang rumah sakit. Ora let suwe, wartawan kanca batire Jon pada anjog kabeh.

“Kiyeh kancaku wis pada teka kabeh. Endi bayi sing laka thtitte,” takone Jon maring kancane.
“Yuh owh, kae neng bangsal anak,” jawabe kancane Jon.

Kaya dikomando, Jon karo kanca-kanca wartawan langsung geblus mlebu bangsal anak. Ana sing gawa kamera, ana sing gawa hendikem, ana sing gawa kamera gede.

“Endi bayine?,” takone Jon maring kancane
“Kiye neng kamar kiye,” jere kancane Jon.

Wartawan langsung pada mlebu bangsal sing jere ana bayi laka thithite. Mbarang pan dipotret, ibune bayine kebingungen.

”Ana apa kiye mas?,” jerene ibune
“Bener bayine ibune laka thithite?,” takone Jon
“Bener mas, piben?,” jawabe ibune bayi
“Kiye pan debritakna pan dipotret,” jere Jon kambi ngetokna kamera. Kanca-kancane pada siap motret.
“Iya, tapi bayine enyong tah sehat wal-afiat. Si debritakna piben mas?” takone ibune bayi.
“Laka thithite owh ya?,” takone Jon
“Ya laka maaaas… wong bayi wadon ya laka thithite, piben ente,”

Jon kontan dugal. Kancane pan diganyami, jebule wis miggat disit. Malah Jon sing diganyami enteng-entengan nang kanca wartawan.

“Jon ente wartawan compong is. Ente compooooong….,” jere kanca wartawan gemboran.
(*)

emoticon-Ngakak=====emoticon-Ngakak

Landa Geseng

Jon Compong lair neng ndesa. Awit cilik tekan dadi bujangan uripe neng desa baen. Ora tau saba kota. Detambah maning, Jon sekolaeh ngawur tekan kelas telu thok. Ora tamat. Ora tau maca koran, majalah, apa buku. Adong nonton tipi senenge ndeleng iklan. Ora tau nonton berita. Apa maning nonton diskusi utawa debat.

“Nonton tipi ka wong pada ngomong si nggo apa? Pan nonton wong ngomong tah, nang pasar pirang-pirang,” jare Jon kambi mateni tipi. Senajan ora tamat SD, tapi Jon ora buta hurup. Mung pengalamane Jon ora kaya wong sekolah karo lunga-lunga sekang ndesa.

Jon pancen ora pengalaman. Tur maca tulisan ya adong sing basa inggris senenge segelemme dewek. Tapi gayane sering ngguroni ponakane sing tesih cilik. Dadi adong ponakane sing tesih kelas loro SD sinau, Jon sering ngajari. Bocah kelas loro SD saiki kan wis ana pelajaran basa Inggris. Mugane Jon sering maraih ponakane pas sinau basa Inggris.

“Basa Inggrise pom bensin sih apa ya um Jon?” takone ponakan
“Pom bensin ya basa Inggrise no smoking owh Thong,” jawabe Jon. Ujare jon bener. Pikire saben pom bensin mesthi ana tulisan no smoking.
“Kowen ngarti basa Inggrise kesed Thong?” takone Jon nggaya
“Ora um. Apa si basa Inggrise kesed?,”
“Basa Inggrise kesed ya welcome. Kowen adong kesed neng sekolahan kan ana tulisane welcome,” jawabe Jon.
“Basa Inggrise asu katisen, kowen ngerti Thong?” takone jon
Ora um. Apa sih basa Inggrise asu katisen um,?” takone ponakane penasaran
“Basa Inggrise asu katisen kuwe es dogger,” jawabe Jon Compong.

Nah, urung suwe joke Jon bar tuku oven nggo pranti gawe roti. Joke Jon bingung maca tulisan. Jon ngajari joke. “Kuwe tulisane tah oven mamakeee…tapi macane tah open owh. Adong tulisane open, macane oven,” jere Jon gaya pinter. Joke Jon manthuk-manthuk.

Wingi Jon dijak kancane mlaku-mlaku maring kota. Nah lagi mlaku-mlaku Jon kesel. Liren njagong sedela neng ngarepe Bank BCA. Pas lagi njagong, Jon weruh tulisan neng lawang BCA. Tulisane OPEN. Jon ngomong jroning ati “Oven ka samana gedene yah? Loken rotine sapira gedene?”.

Bayangne Jon, Bank BCA kuwe oven raksasa sing nggo manggang roti. Ora let suwe, Jon weruh ana landa utawane bule mbukak lawang BCA terus manjing. “Astaghfirullah, kae landa nekad nemen. Wong oven ka dianjingi ngko ndeng geseng awake ireng detheng,” ujare Jon jroning ati.

Jon selot penasaran. Matane mentheleng maring BCA. Ndelengna lawang BCA. Mbatine, loken landa sing manjing oven pan dadi apaaaa yah? Antarane sepuluh menit maning, ana wong negro sing ireng detheng metu sekang BCA, kas njiot duit mbuh apa. Jon kontan menyat, kambi mbatin: “Yah temenan nyong ngomong apa? Landa compong, wong oven ka dianjingi, ya metune dadi geseng rumpeng ireng detheng kaya wong diobong owwh,” jere Jon Compong. (*)


emoticon-Ngakak=====emoticon-Ngakak

Jon Manuke Ilang

SAJEGE dadi lurah, Jon Compong seneng nemen ngingu manuk. Pokoke manuk apa bae ana neng umahe Lurah Jon. Awit mulai manuk prit nganti manuk hantu ana kabeh. Dadi adong esuk, nang umahe Jon pating cruit manuk ngoceh kabeh, kaya nang pasar manuk. Saking senenge dolanan manuk, Jon nganti kelalen mangkat maring bale desa. Singsotan terus awit bar subuh nganti awan.

Esuk wingi Jon jengkel nemen, sebabe manuk kanis karo jalak sing disenengi banget ilang dicolong maling. “Kurang ajar nemen kiye malinge. Manuk wis dadi ngocehe pentholan lah ka dicolong. Kiye tah kudu ketemu kiyeh malinge,” jere Jon jroning ati.

Kelangan manuk, gawe jon penasaran. Saben ngliwati tanggane sing duwe manuk, Jon mesthi mandeg ndelengi kandang manuke. Sapa ngarti kuwe manuke sing dicolong. Jon apal nemen karo manuke dewek. Wulu buntute pirang lembar ya nganti apal.

Jon terus mikir piben carane manuke ketemu. Piben carane maling manuke ketemu. Adong ketemu pan dikapruki. Akhire ketemu ide, Jon pan ngundang wargane maring bale desa. Yahanu tah pan kumpulan warga. Asline tah, Jon pan takon maring wargane sapa sing nyolong manuke.

Antarane wong satus sing teka maring bale desa. Maring wargane Jon gaya pidato dawa soal pembangunan desa. “Tapi sedurung musyawarah deterusna, kiye enyong pan takon maring ente-ente pada, sing kaitane karo manuk,” jere Jon Compong.

Wong sing pada teka langsung bingung, maksude Jon keh apa.

“Kiye wong samene akehe sapa sing duwe manuk??!!” takone Jon

Kabeh wong lanang sing teka neng bale desa langsung ngadeg kabeh.

Krasa keliru ari takon, Lurah Jon gagiyan bae ngomong. “Maksude enyong dudu kuwe,” jere Jon.

“Maksude enyong, wong samene sapa sing tau weruh manuk?!,”

Kabeh warga wadon sing ana nang bale desa langsung pada ngadeg.

Jon gageyan ngadeg, krasa warga pada salah paham.”Wah gawat,” pikire Jon.

Raine Lurah Jon langsung abang ireng. “Maksude enyong yah, wong samene akehe sapa sing tau weruh manuk dudu duweke?” takone Jon.

Saparone warga wadon langsung pada ngadeg. Raine Jon selat abang ireng ora karuan.

“Pangampurane, dudu kuwe maksude enyong. Maksude enyong, wong samene sapa bae sing wis tau weruh manuke inyong??!!,”

Wong wadon lima gageyan ngadeg.

Sing mburi, bojone Lurah Jon nggawa sapu sada. Jon dikapruki nganggo sapu nang bojone (*)


emoticon-Ngakak=====emoticon-Ngakak

Wis Anjog Ostrali Kiyeee....?!

JON compong ngedan ora mari-mari. Ndina-mbengi gawene mabok. Adong ora nginung ciu ya nginung besotan. Malah dong laka duit, jamur tlepong sapi digawe kopi nggo mabok. Pokoken sing penting ndhase mumet, mabok. Jon adong mabok kelakuane reseh. Ngomong sagelem-gelem, kelakuane badeg.

Jon tau mabok nginung jenggot. Njagong neng prapatan. Matane abang, pikirane ngawur. Ana tanggane sing dadi bu guru pas liwat. Weruh Jon lagi njagong nang prapatan bu guru basa-basi takon.

“Eh Mas Jon, sugeng mas Jooon…?”
‘Rawuh bu guruuuu…,” jawabe Jon.

Bu guru bingung. Bisane Jon njawabe rawuh buuuu…..Rupane Jon mabok menthit nemen. Kudune adong detakoni sugeng maas..? jawabe pangestu buuuu… apa alhamdulillaaah…. Jon lagi mabok kemutan ana tulisan ‘sugeng rawuh’ pas lagi tanggane hajatan. Mugane ditakoni sugeng maas..? jawabe rawuh buuuu.

“Nang prapatan lagi apa Mas Jooon?” bu guru takon maning
“Yanu lagi turu bu guruuuu…,” jawabe Jon ngawur
“Turu ganeng bisa ngomong?” bu guru heran
“Kiye lagi ngimpi bu guruuuu…,” Jon mabok ngomonge dlaweran tambah kenthir.

Bu guru lunga garo bingung ngrungokna omongane Jon Compong.

Selat bengi Jon tambah mabok. Jenggot sing diwadaih plastik dedokon jaket, ditokna dinung maning. Tambah mabok maning. Kebeneran Dalban, kancane Jon teka nggawa motor. Teka-teka Dalban wis mabok. Ditembaih nginung jenggot maning dimein Jon.

“Yuh Jon, mlaku-mlaku. Yuh owwh mbonceng, gerakane,” Dalban ngejak Jon numpak motor mbuh pan ngendi tujuane.
“Ya mene, yanu sing neng ngarep bae. Ente sing mbonceng,” jare Jon.

Wis owh, akhire Jon garo Dalban sing lagi pada mabok menthit kabeh numpak motor mubeng-mubeng ora karuan.

Wong arane wong lagi pada mabok, nunggang motor ora genah tujuane pan ngendi. Nganti enggal jam telu esuk Jon garo Dalban esih nunggang motor. Nganti akhire kesasar maring dalan sing pan maring sawahan. Jon maboke selat menthit. Ora krasa, ujug-ujug krayaaaak….bregggh…! nabrak kandang wedus. Jon karo Dalban tiba njekangkang pating klumparah. Motore kebalang adoh nemen.

“Baaan…Dalbaaann……haddeeeeuuuhhhh….nabrak apa kiye?” takone Jon
“Nabrak kanguru Joooooon…..,” jawabe Dalban ngawur nemen
“Edan ah!! penthol yah, dewek numpak motor wis tekan Ostrali kiyeeee…..?” Jon gemboran


emoticon-Ngakak=====emoticon-Ngakak


Mlayuuu.... Mlayuuuu... Mlayuuuuu !!!!


Jon Compong wis suwe dadi pengangguran. Maunen Jon kerja dadi kuli bangunan nang desa. Tapi saiki lagi ora ungsum wong gawe umah. Lagi paceklik. Lagi paila. Mugane Jon anggur-angguran ora duwe penghasilan. Untung bae bojone dadi tukang ngumbai klambi tanggane. Dadi Jon esih bisa mangan.

Awit cilik anjog tuwa, Jon pancen ora tau mrantau. Beleh tau kerja nang luar kota. Mugane pas nang ndesa sepi laka gawean, Jon anggur-angguran. Tapi saiki Jon bener-bener bingung, sebab saliane kebutuhan nggo mangan, Jon kudu mbayari utang sakeh-kean. Mulai utang bank, kreditan motor, nganti utang bank mendreng kudu disauri kabeh.

Wis pirang-pirang bengi, Jon ora tau bisa turu. Ujug-ujug lawang umah didodog, rupane ana tamu. Jon madan rundag. Mbokan ana wong pan nagih utang. Mugane Jon ngintip seka sela-selane lawang umah. Jebule si Dalban sing ndodog lawang.

Jon : eee…wa’alaikum salaaam…. mene manjing Ban. Ana apa kiye? Kayong ngageti
Dalban : Jare ente saiki nganggur ya Jon? Laka gawean?
Jon : Iya ish Ban. Ente ana gawean apa?
Dalban : Ana kiye. Melu enyong ben yuh Jon, kerja bangunan nang Jakarta
Jon : Moh lah, enyong ora tau lunga-lunga
Dalban : Mugane sakali-kali lunga kerja neng Jakarta. Gajiane mingguan

Maune Jon nolak samatine. Sebab deweke ora tau lunga-lunga. Apa maning mangkate pan numpak sepur. Saumur-umur awit lair, Jon hurung tau numpak sepur. Jon wedi mbokan mutah-mutah. Tapi Jon lagi kepeped utange Jon sing kudu dibayar garo mangan anak-bojone, Jon akhire mangkat Jakarta melu Dalban. Ari si Dalban tah wis pengalaman nemen, wis bola-bali maring Jakarta.

Numpak sepur, Jon nggawa pacul. Sadawane dalan Jon ora tenang nemen. Pikirane pirang-pirang. Ana wedi mbokan ditodong preman lah. Mbokan ilang pisah karo Dalban. Jam papat esuk, sepur anjog Stasiun Jatinegara. Mudun sing sepur, Jon tingak-tinguk heran nemen ndeleng Jakarta. Esuk uput-uput ewong wis akeh nemen.

Nang ngarep Stasiun Jatinegara, ana metro mini 506, jurusan Pondok Kopi-Kampung Melayu. Kenete wong Batak, sing anger tawa penumpang suarane kaya lagi nggranyami ewong. Kambi tangane nuding, ngacung-ngacung, kenet metro mini gemboran: “Mlayu…Mlayu….!! Mlayuu…Mlayuuuu….Mlayuuuu….!!!”

Krungu kenet gemboran, pacul dibalangna, Jon mlayu samatine. Dalban kebingungen ngudag-udag si Jon sing pan mlayu mbuh maring endi.

Dalban : Ente pan ngendi Jooooooon……?
Jon : Ish kon mlayu Baan…cepetan ayuh mlayuuu…
Dalban : Compooooong….kae kenet lagi tawa penumpang maring Kampung Melayu
Jon : Ora ish! Kon mlayu, mbokan ditangkep polisi Baan…ayuuuuh mlayuuu..
Dalban : Joooon uwiiis mandeeeg, kae kenet lagi tawa penumpang aring Kampung Melayu
Jon : Ganing gemboran nuding maring enyong kon mlayu?
Dalban : Dasare ente katro nemen ish. Kabeh ewong ya domongi Mlayu, dudu ente thok compoooooong…..(*)


emoticon-Ngakak=====emoticon-Ngakak

* Cerita berlanjut di setiap Page-nya...


Diubah oleh h.limasembilan 12-04-2014 14:51
0
19.9K
58
Thread Digembok
Urutan
Terbaru
Terlama
Thread Digembok
Komunitas Pilihan